soal dan kunci jawaban umbk bahasa jawa

 

True/False

1.        Gatekna titikan sawijining teks ngisor iki.

1.    Isine adhedhasar kasunyatan

2.    Tulisan asipat obyektif

3.    Dipungkasi kanthi dudutan

4.    Disengkuyung dening analisis

 

 
 


Pranyatan mau minangka titikan saka teks eksposisi.

ANS: T

2.        Gatekna pethilan teks geguritan ing ngisor iki!

....

Sepisan ketemu gawe anyel

Kapindho gawe mangkel

Katelu marahi kekel 

 

Saka ati iki Aku ora nggraita

Menawa sliramu dadi mitraku

Bakal gawe crita dawa ana uripku  

 

 
 

 

 

 

 

 

 

 

 

 


Adhedhasar pethilan geguritan mau, bisa dipadhakake karo kahanane Lastri sing lagi nandhang katresnan. Mula, tema kang trep kagambarake jroning geguritan ing ndhuwur yaiku panguripane manungsa sing sengsara.

ANS: F

 

3.        Setitikna crita ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan!

Ing tengah-tengahing dalan, Bratasena dicegat Anoman, lan ngendika supaya Bratasena gugurke paniyatane. Bratasena tetep maju, perang boten saged kasingkirake, akhire Bratasena kang menangke perang. Banjur Anoman, nyaranke Bratasena kudu ngati-ati. Bratasena bacutne lumakune,

Sasampunipun Bratasena ing pinggir samodra kang mboten wonten pinggire, ombake kang gedhe, lan thathit kang nyamber-nyamber, Bratasena nyilem ing dasar samodra, kanggene pados tirta pawitra. Ing dasar samodra Bratasena dicegat dening naga kang gedhene kaya wit pal. Ananging Bratasena saged ngalahke naga mau.

Dewa Ruci rawuh, lan muji Bratasena kang saged ngalahke hawa lan nepsu kang kumanthil ing dhiri Bratasena, kaliyan tetengara Bratasena saged ngalahke naga kang ngadang paniyataning Bratasena. Banjur Bratasena nyembah dening Dewa Ruci lan ngajokake pitakonan.

Bisa dingerteni saka crita mau, yen antarane Anoman lan Bratasena iku kanca raket. Nanging nalika satengahe dalan, kekarone rada padu merga nduweni pamikiran kang kontras. Kang nyebabake Anoman nyegat paniyatane Bratasena yaiku supaya nggawekake prau kanggo nyabrang samodra.

ANS: F

 

4.        Setitikna pariwara ngisor iki!

Manut informasi pariwara persuasif ing dhuwur, ngandhut janji kang ditawarake dening “Big Burger” yaiku yen tuku panganan mau aja kuwatir merga ora bakal antuk bonusan ngombe.

ANS: F

 

5.        Ngisor iki minangka gambar salahsawijining piranti gamelan Jawa!

Instrumen gamelan kasebut dimainake paling cepet sajrone gendhing. Nduweni piguna kang padha karo gender, nanging kagawe saka kayu. Nduweni 19 utawa 20 bilah kayu kanggo nadae. Dimainake kanthi loro piranti panabuh kang dawa gagange. Gagang iki biyasane digawe saka sungu, dene bageyan kang ditabuhake kagawe saka kayu kang wujude kaya rodha lan dibebet kain ing sakupenge.

Jroning pethilan mau, apa bener instrumen kang digambarake kasebut yaiku Gambang.

ANS: T

 

Matching

 

Gatekna pethilan teks drama ngisor iki!

Evi  :  “Aku arep metu dhisik, blanja sayur karo kebutuhan liyane. Olehmu daring iki mengko nganti jam pira?” 

Widya : “Dina iki pelajaranku ana 4, kira-kira ae ya nganti awan. Kowe apa ora ana pelajaran daring?” 

Evi  :  “Aku dina iki pas ora ana daring, mung diparingi tugas wae. Bubar blanja iki mengko rencanane tugasku takgarap. Kowe titip blanja apa ora?” 

Widya :  “Iya, aku titip tukokna masker wae sing rupane putih. Tukokna sak pak ya! Sik, takjupukne dhuwite. Iki mengko susuke tukokna sempol ya, mengko dipangan bareng-bareng!”

Jroning pethilan pacelathon kasebut, apa bener yen Evi iku bocahe sregep tur seneng nulung kanca.

A.    Benar

B.     Salah

1.    Jroning pethilan pacelathon kasebut, paraga Widya iku bocahe sregep tur seneng nulung kanca.

2.    Paraga Widya lan Evi minangka kanca raket, mulane ora prelu ngomong nganggo basa krama.

1.      ANS: B

2.      ANS: A

 

Setitikna pranyatan saperangan ukara ngisor iki.

A.  Benar

B.   Salah

1.      Pranyatan mau klebu ing jinise paribasan.

2.      Ana rong ukara sing klebu jinis kang padha.

1.      ANS: B

2.      ANS: A

 

Gatekna ilustrasi ngisor iki!

Jumbuh kalih dinten Kamardikan, sesuk tanggal 18 Agustus 2020 bakal diadani acara tirakatan ing Desa Wilis. Acara kasebut ditindakake wanci 19:00 dalu tumeka bubar. Sedaya warga sampun disuwun tumut ing acara kasebut. Reroncening adicara yaiku, pambuka, sambutan dening Pak Lurah, banjur acara inti yaiku tumpengan kang dipandegani dening Pak Lurah. Dene adicara pungkasan yaiku donga lan panutup.

Isih ana wektu kanggo nyiapake adicara kasebut, kira-kira ana rong mingguan sadurunge. Ranti disuwuni tulung Pak RT kanggo nindakake pranatacara ing acara dinten Kamardikan. Dheweke banjur nyiapake dhisik garis-garis gedhene konsep pranata acara kang bakal diandharake. Siji mbaka siji persiyapan wis ditindakake supaya ora nguciwani para tamu. Wiwit nggawe cengkorongan teks, nyiapake sangu kayata olah patrap, panyandhang, basa, lan swara. 

A.    Ya

B.     Tidak

1.      Ranti bakal nggunakake metodhe pranatacara impromptu merga dheweke dijaluki tulung dening Pak RT kanthi dumadakan.

2.      Jumbuh kanggo mengeti dinten Kamardikan, luwih becik nalika nggawe cengkorongan ngangkat tema perjuwangane para prawira kita.

1.      ANS: B

2.      ANS: A

 

 Setitikna dhata panganggone media sosial ing Indoneis, 2019-2021 ngisor iki!

Media Sosial sing kawentar banget ing Indonesia, 2019-2021

Nganti Januai 2021, panganggo internet ing Indonesia cacahe 202,6 yuta jiwa. Informasi dhata saja Data Reportal, Senin (15/2/2021), cacahe munggah dhuwur nganti 27 yuta utawa 16 persen dibandingake karo taun sadurunge. Sawetara penetrasi internet nganti 73,7% nganti Januari wingi. Aplikasi youtube tetep dadi media sosial sing kawentar Ing Indonesia taun wingi, manut sawijining lapuran kanthi irah-irahan Digital 2021. Meh 94 persen bebrayan sing umure antara 16 tumeka 64 taun ngakoni yen nggunakake layanan video kasebut ing akhir sawulan iki nalika disurvei dening CWI triwulan III 2020.

 

Cathethan:

·      Lapuran Digital 2019-2020 nduweni indikasi tingkat panganggone <17 persen

Sumber: Digital 2021, Digital 2020, Digital 2019, GWI

(https://www.google.com/amp/s/www.berisatu.com/amp/digital/733355/data-ini-media-sosial-paling-populer-di-Indonesia-201920202021

 

Temtokna pamanggihmu kanthi wangsulan sarujuk utawa ora sarujuk manut wacan ing saben pranyatan ngisor iki!

A.    Setuju

B.     Tidak setuju

1.      Aplikasi video Tiktok lan media pesen Instan Telegram nuduhake panambahan paling akeh ing taun 2019 wingi. Dene media sosial Tiongkok kayata Wechat utawa Siba Weibo saya mudhun paminate ing Indonesia.

2.      Adhedhasar dhata panganggone media sosial kasebut uga mangaribawani tumrape bidhang pendhidhikan. Para Guru nggunakake sarana media sosial kanggo menehi materi tumrap siswa. Miturut Para Guru, lumantar media sosial iki diajab siswa ora isin kanggo ngunggah tugas utawa karyane.

1.      ANS: B

2.      ANS: A

 

Ing ngisor iki mujudake papan panggonan:

 

Coba jodhohna papan panggonan ing ndhuwur karo andharan ngisor iki!.

1.      Papan panggonan gugure Kumbakarna nalika mbela negarane dhewe merga digempur bala Wanara. (____)

2.      Papan panggonan kang nduweni sirikan pasaran Pahing kayata ora oleh ijab, negor wit, lan tumindak apa wae sing mbebayani. (____)

3.      Papan panggonan nalika Dora lan Sembada perang banjur kekarone seda. (____)

4.      Akeh wong Manca sing kepengin ngrebut papan iki merga nduweni SDA, budaya, nganti rempah-rempahe sing akeh. (____)

5.      Sawijining papan kang panganan kawentare Tahu Kuning. (____)

1.      ANS: B

2.      ANS: E

3.      ANS: G

4.      ANS: A

5.      ANS: C

 

Completion

1.        Setitikna wacan ngisor iki!

 

Bima Bungkus

Sawijining dina ing jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunthi jalaran laire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedhah bungkus. Kurawa uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnakaken Si Bungkus. Wisiking dewa sang bungkus den bucal ing Alas Krendawahana.

Ing pertapan Wukir Retawu Begawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang kaderekaken repat Punakawan. “Kanjeng Eyang, kadi pundi nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis warsa mboten wonten suraos ingkang sae, bab menika Eyang, andadosaken duhkitaning Kanjeng Ibu Kunthi..”

Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi lakon. “Putuku nggeerr Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni karmane, ing tembe kakangmu Si Bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut wahyu jati…. Anane si Bungkus ndadekake gegering Suralaya, Bumi gonjang-ganjing kadya binelah, samodra asat.”

Sapa kang diarani Sang Winasis sajrone crita wayang Bima Bungkus kasebut?

ANS: BEGAWAN ABIYASA

Begawan Abiyasa

begawan abiyasa

abiyasa

 

2.        Setitikna wacan ngisor iki!

Saka crita rakyat mau, sapa paraga kang nduweni watak protagonist?

ANS: KYAI KONANG

Kyai Konang

kyai konang

 

SHORT ANSWER

1.        Bebrayan Jawa kawentar merga nduweni unggah-ungguh nalika cecaturan. Unggah-ungguh basa ing Jawa ana rong ragam yaiku, ngoko lan krama. Ragam ngoko kaperang dadi loro yaiku ngoko lugu lan ngoko alus. Dene ragam krama uga kaperang dadi loro, yaiku krama lugu lan krama inggil. Ragam basa kasebut digunakake nalika cecaturan  bebrayan  Jawa gumantung sapa sing dijak cecaturan.

Coba Owahana ukara-ukara ngisor iki nganggo basa ngoko lugu:

a.    Dhik Rini kalawau wonten sekolahan nangis amargi bukunipun dipunsuwekaken rencangipun, nanging sakmenika sampun dipunlintoni buku ingkang enggal.

b.    Kula mangke sonten badhe ngampil sepedhaipun Mas Harmono badhe kula damel ningali bal-balan dhateng stadhion “Supriyadi” kaliyan rencang-rencang kula.

c.    Ingkang kula bekta menika rasukan kaliyan sandhalipun dhik Andri amargi nalikanipun kemah dhateng sekolahan minggu kepengker kentun wonten ruwang kelas. 

ANS:

 

2.        Gatekna pariwara ngisor iki!

Pariwara ana kang disebarake lumantar media tulis lan lisan. Ing media tulis bisa arupa wara-wara ing papan umum, sapinggire dalan, lan sapiturute. Pariwara ing ndhuwur klebu karya kang endah lan beda karo pariwara liya-liyane amerga katulis nganggo aksara Jawa. Kreatifitas saka panulise minangka wujud nglestarekake aksara Jawa kanthi sarana medharake pamikiran, pamanggih, tumrap kahanan kang dumadi saiki. Temtokna isi saka pariwara kasebut lan wenehana suntingan (pembetulan) saka tulisan aksara Jawane!

ANS:

 

3.        Jumbuh karo pangarep-arepe adhine Bagus, sesuk tanggal 22 Maret 2021 bakal diadani acara Ambal Warsa kaping 8 kanggo adhine kang aran Risma. Adicara ambal warsa kudu tetep patuh marang protocol kesehatan amerga isih ing kahanan Corona. Coba tulisen struktur teks pranatacara kang kudu diserat karo Bagus manut prakara mau.

ANS:

 

4.        Setitekna tembang ngisor iki!

Tembang macapat ora bisa uwal saka anane aksara, wanda, tembung lan ukara kang dirangke kanthi endah. Pangripta nalika nulis cakepan tembang ora mung nggatekake estetika nanging uga pamilihane tembung kang nduweni makna. Tembung-tembung pinilih bisa nggambarake rasa pangrasane pangripta kang katujokake tumrap pamacane. Temtokna unsur pandhapuk (dhiksi lan purwakanthi) tembang sing digunakake dening pangrpta ing tembang kasebut kanthi menehi panjlentrehan!

 ANS:

 

5.        Setitekna wacan ngisor iki!

Tulisen tanggepan positif lan negatif kang bisa dijupuk saka wacan wewaler kasebut!

ANS: