soal dan kunci jawaban umbk bahasa daerah

 

Multiple Choice

1.        Setitikna pethilan sesorah ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan!

Yen disetitikna, pethilan sesorah ing dhuwur kanthi urut klebu ing perangan . . .

A.    Isi sesorah, pambagyaharja, dudutan

B.     Atur pambuka, isi sesorah, salam panutup

C.     Atur pangapura, atur pakurmatan, salam panutup

D.    Salam pambuka, atur pakurmatan, atur sokur marang Gusti

E.     Salam pambuka, atur pangapura, isi sesorah

ANS: D

 

2.        Setitikna teks wacan ing ngisor iki!

Nyadran iku salah siji prosesi adat budaya Jawa awujud kegiyatan setaun sepisan ing sasi Ruwah wiwit saka resik-resik sarean leluhur, mangsak panganan tartamtu kaya dene apem, ater-ater lan slametan utawa kenduri. Jeneng nyadran iki asale saka tembung sraddha, nyraddha, nyraddhan, banjur dadi nyadran. P J Zoetmulder ana ing buku Kalangwan uga nyritakake bab upacara sraddha kanggo mengeti sedane Tribuwana Tungga Dewi ana ing taun 1350.

Upacara sraddha minangka pengetan raja-raja sing wis puput yuswa uga sinebut ing kidung Banawa Sekar, nganggo uba rampe wujud baita (prau) sing digawe saka kembang (puspa sekar). Tradisi nyadran pranyata wis lumaku wiwit jaman Majapait nganti saiki. Pakurmatan kanggo leluhur isih lestari lan dipepetri dening masyarakat, mligi ing tlatah padesan. Nyekar ing sasi Ruwah duwe surasa utawa wulangan marang anak putu supaya padha tresna lan eling marang leluhur.

Tradhisi iki minangka asil akulturasi budaya Jawa lan Islam. Tembung "Nyadran" asale saka tembung "Sraddha" sing tegese iman. Ing tanggalan Jawa wulan Ramadhan uga diarani wulan Ruwah, saengga acara Nyadran uga diarani acara Ruwah. Nyadran biasane katindakake sawulan sadurunge bulan puasa utawa ing tanggal 10 Rajab, utawa 15, 20, lan 23 Ruwah. (https://www.goodnewsfromindonesia.id/2019/05/17/nyadran-tradisi-unik)

Adhedhasar wacan eksposisi mau, uba rampe kang digawe kanggo nindakake Tradhisi nyandran yaiku . . .

A.    Apem lan kenduri

B.     Sanjata lan pusakane raja

C.    Baita sing digawe saka puspa sekar

D.    Kolak lan opor ayam

E.     Kembang setaman lan kidung banawa sekar

ANS: C

 

3.        Setitekna tabel cakepan tembang macapat ngisor iki!

Tembang macapat mau ngandhut cangkriman utawa batangan kang kudu ditebak dening pamaca. Cangkriman saka tembang 1 lan tembang 2 kanthi urut yaiku. . .

A.  Penggaris, dhompet

B.  Buku, Pulpen

C.  ATM, Sepatu

D.  Buku, KTP

E.  Pulpen, ATM

ANS: E

 

4.        Setitikna teks wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan!

 

Adhedhasar wacan mau, bisa dingerteni yen lepet kuwi bahane saka godhong pandan, uyah, santen, lan parutane krambil. Tegese krambil yaiku. . .

A.  Gula sing wernane soklat legi

B.   Wohe klapa

C.   Isine asem

D.  Sarine pandan

E.   Wohe pohung

ANS: B

 

5.        Setitikna teks wacan ing ngisor iki!

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Wacan teks eksposisi kanthi irah-irahan Lepet  mau, nduweni struktur teks kanthi urut  yaiku. . .

A.    Orientasi, deskripsi, deskripsi bageyan

B.     Panegasan ulang, tesis, deskripsi

C.    Tesis, argumentasi, panegasan ulang

D.    Argumentasi, konflik, kesimpulan

E.     Tesis, argumentasi, deskripsi bageyan

ANS: C

6.        Setitikna wacan ing ngisor iki!

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Saliyane dadi panganan tradhisional, lepet uga ngandhut filososfi kanggo uripe manungsa. Lepet sing tegese silep kang rapet, nduweni makna dipendhem utawa ditutup kanthi rapet. Mula, sing kudu ditindakake manungsa yaiku. . .

A.  Ora preduli marang tata agama

B.  Luwih nengenake kadonyan

C.  Seneng tetulung lumantar tumindak kang degsura

D.  Gelem ngakoni yen tumindake luput lan ora dibaleni

E.   Andhap asor mung karo panguwasa

ANS: D

 

7.       


Gatekna teks ing ngisor iki!

 

Perpustakaan Bung Karno iku manggone ing Jalan Kalasan nomer 1 Kutha Blitar. Ing kono awak dhewe kejaba bisa maca-maca buku ngenani ajaran-ajaran Bung Karno uga bisa ziarah ing makame Bung Karno jalaran panggonae gandheng karo makame Bung Karno. Ing ngarep dhewe ana Patung Bung Karno, dene ing sisihe ana blumbagan taman kang bisa nambahi endahe sesawangan.

Unit Pelaksana Teknis (UPT) Perpustakaan Proklamator Bung Karno ing kutha Blitar nduweni maneka koleksi, koleksi naskah kuno utawa manuskrip kang sumimpen ing papan bidhang akuisisi lan pengelolahan badan pustaka. Nganti sprene ana 29 naskah kuno kang sumimpen ing antarane naskah lontar, naskah manuskrip jawa lan naskah pegon. Saka naskah-naskah mau isih minim kang nganakake panliten naskah. Kahanan mau amerga mung ana rong naskah kang wis ditliti, yaiku Serat Babad Demak lan Babad Sultan Mataram III kang digarap dening mahasiswa Sastra Dhaerah Universitas Sebelas Maret Surakarta, wiwit taun 2012 lan 2014 iki.

Ora mung nyediyani koleksi pustaka wae, nanging wangunan Perpustakaan Proklamator Bung Karno ing kutha Blitar iki uga menehi ilmu kawruh tumrape para bebrayan saben elemen, awit lumantar maca koleksi buku kang sumedya, mirsani piranti sejarah, nggelar seminar-seminar, lan sapiturute klebu tumindak kanggo ngekspor koleksi kang wis ana.Fasilitas kanggo selfie utawa foto bisa ditindakake ing ngarep gong satengahe perpustakaan iki. Gong kang aranane Gong Perdamaian iki nduweni ukuran sing gedhe lan ana gendera negara ing sakupenge, cocog banget nalika dinggo foto selfie bareng kulawarga.

UPT Perpustakaan Proklamator Bung Karno dafi salah sawijine perpustakaan sejarah sing khusus nyediyani kawruh ngenani sejarah bangsa Indonesia lan presiden kapisan Indonesia, yaiku Ir.Soekarno. Saliyane iku, wangunan perpustakaan iki nduweni pangajab kanggo nikelake budaya lan peradaban bangsa Indonesia lumantargelem nekani sinaosa mung mlaku-mlaku utawa maca ing perpustakaan.

(kapetik saka:tempatwisata.pro)

Yen ditilik saka isine, teks mau kalebu jinise artikel ....

A.  Dheskripsi

B.   Ekposisi

C.   Narasi

D.  Persuasi

E.   Argumentasi

ANS: A

 

8.        Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!

Pesen moral lang kinandhut jroning tembang macapat mau yaiku. . .

A.  Dadi manungsa kudu sregep nyambut gawe

B.  Pangurbanan jiwa ragane kanggo bela negari

C.  Kudu manut marang prentah ratunipun

D.  Nduweni budi degsura

E.   Wani mboyong putri saka praja kawentar

ANS: B

 

9.        Gatekna teks tembang macapat ngisor iki!

Yen ditilik saka paugerane, tembang 1 lan tembang 2 kanthi urut guru wilangan lan guru lagune yaiku. . .

A.  Tembang 1: 7u,9i,8a,6i,7a,9i

Tembang 2: 10i,8a,8e,6u,12i,8a,7u,10a,14i,6a

B.  Tembang 1: 9u,8i,6a,8i,9a,8i

Tembang 2: 9i,7a,8e,8u,12i,8a,7u,7a,12i,7a

C.  Tembang 1: 8u,8i,8a,8i,8a,8i

Tembang 2: 10i,10a,8e,7u,9i,7a,6u,8a,12i,7a

D.  Tembang 1: 8u,9i,9a,8i,8a,8i

Tembang 2: 9i,10a,7e,8u,8i,7a,7u,8a,12a,6a

E.   Tembang 1: 9u,9i,9a,8i,8a,8i

Tembang 2: 10i,9a,8e,8u,10i,8a,7u,7a,12i,5a

ANS: C

10.    Setitekna teks pawarta ngisor iki!


Puluhan Ekor Paus Mlipir ing Selat Madura

KOMPAS.COM – Syafii Ma’arif lan kanca-kanca saprofesi digawe nggumun merga prastawa kang nembe diweruhi wektu iku.Para nelayanpadha kaget nalika weruh puluhan paus mlipir ing Segara Modung, Kecamatan Modung, Kabupaten Bangkalan, Madura, Jawa Timur, Kemis (18/2/2021). Dheweke ngandharake yen durung natih ana kadadeyan kaya ngene iki sadurunge.“para nelayan gumun merga tekane langsung bebarengan” kandhane Syafii, Jumat (19/2/2021).

Salah siji warga, Luthfi, nyebutake saperangan paus sing mlipir ditemokake kanthi kahanan tatu. Awit kadadeyan iki, Balai Konservasi Sumber Daya Alam (BKSDA) Wilayah II Jawa Timur enggal nindakake penyelidikan kanggo nemokake panyebabe. Kepala Bidang Konservasi Sumber Daya Alam BKSDA Wilayah II Jawa Timur RM Wiwied Widodo, ngandharake yen prastawa iki klebu fenomena langka,“fenomena langka, padatane sing mlipir ing pinggir segara iku mung saperangan iwak, nanging iki nganti puluhan utawa sak koloni, Kita lagi nylidiki panyebabe”.

Wiwied njlentrehake yen paus yaiku mamalia laut sing nduweni sonar utawa piranti navigasi. Koloni paus bakal nuju ngikuti jalur navigasi. Dheweke ngandharake yen mokal nalika koloni paus mau ujug-ujug menggok tanpa sebab, nganti bisa mlipir. Mulane pihak saka BKSDA bakal mriksani sempel saka Paus sing mlipir mau.“Panyebabe bisa maneka werna, saka anane gangguan sonar merga gejala alam kayata gempa utawa patahan bumi, utawa merga iwak kasebut mung lagi golek mangan”, jlentrehe.

Miturut Wiwied, BKSDA Jawa Timur diwenehi wektu sasuwene 3 dina kanggo ngudhari panyebab fenomena paus mlipir iki. Cacahe paus sing mlipir ing Segara Modung, Bangkalan, engga 52 iwak. Ana 3 iwak sing isih urip, dene sing liyane wis mati. Katelu paus sing isih urip diculke neng segara. Paus sing mati mau dikubur dening nelayan merga khawatir yen nuwuhake ambu sing ora penak. (https://nusadaily.com/jatim/puluhan-ekor-paus-terdampar-di-selat-madura-46-ekor-mati.html)

Adhedhasar teks pawarta mau, bisa dingerteni yen koloni paus sing padha mlipir ana sing bisa dislametake lan ana sing mati. Cacahe koloni paus sing mati yaiku . . .

A.    40

B.     48

C.    49

D.    50

E.     55

ANS: C

11.    Gatekna pethilan wacan ngisor iki!

Jroning Epos Ramayana ana salah sawijine paraga wayang sing dadi prawira kanggo negarane. Senajan saka bangsane diyu nanging dheweke nduweni sipat kang becik lan ora gelem mbenerake panindake kakange kang angkara murka kanthi ndhusta Dewi Sinta. Dheweke minangka adhine Prabu Dasamuka, Raja Ngalengka. Dheweke ngelingake kakange yen tumindhake nganti dhusta Sinta iku ora pener. Amerga kadadeyan Sinta dhusta ora mung mbebayani tumrap kakange nanging uga kanggo praja Ngalengka yen digempur dening Sri Rama.

Ewa mangkono, ing wektu Krajan Ngalengkadiraja digempur dening mungsuh, yaiku Sri Rama lan prajurite, dheweke diparani kakange ing Gunung Gohkarna. Raja Ngalengka mau kuwalahen ngadhepi bala Sri Rama lan bangsane Wanara. Krungu critane kakange mau, dheweke tuwuh niyatan kanggo maju perang. Sejatine dheweke ora gelem yen ing Negara Ngalengka nganti ana perang, nanging kahanan iki kudu diadhepi amerga Raja Ngalengka ora gelem mbalekake Dewi Sinta.

Dhewke netepi darmaning satriya kanthi ngurbanake jiwa ragane kanggo mbelani negarane. Dheweke banjur adhep-adhepan karo Sri Rama lan bala Wanara. Ing perang iki dheweke ora nggoyak kanggo nglawan mungsuh nanging pasrah supaya ora ana kurban ing bala raseksa. Sakojur awake kebak busur nganti 5 cacahe. Wusanane dheweke gugur mbela negarane, ora amarga mbela kakange.

Adhine Dasamuka kang nduweni watek satriya merga sipat kaprawirane jenenge. . .

A.    Adipati Karna

B.     Patih Suwanda

C.     Anoman

D.    Sugriwa

E.     Kumbakarna

ANS: E

12.    Gatekna pethilan crita wayang ing ngisor iki!

“Heh Gathot bocah tanpa guna!mangertiya isine layang saka pamanmu Si Jlampong ngandhakake yen anggonmu bakal rabi karo Pregiwa diwurungake. Sebab kowe dibiji mung anake Wrekudara. Pregiwa bakal dirabi Lesmana anak Duryudana, ratu ber bandha ber bandhu. Lhaaa. . . gawe wirange wong gerang! Wis saiki mangkene Gathut, yen nyata kowe anake Wrekudara, saiki enggal minggata saka ngarepku aja nyenyepeti mripat. Rampungana prekaramu dhewe aja sambat wong Gerang. Nanging yen kowe ora bisa ngrampungi prekara iki, luwih becik tak pateni dhewe kowe Gathooot…!

Sarwa jumangkah Risang Bimasena nedya mrawasa ingkang putra. Trangginas Risang Gathutkaca milar saking palenggahan, rikat nilar paseban tambuh-tambuh purugipun. Giris Ratu Arimbi mulat lelakon ingkang dumadi. Sarwi jelih-jelih sigra angrangkul ampeyane rising nawung bendu, matur sarwi atawan tangis.

“Dhuh Pangeraaan…Pangeran Jimat sesembahan kula ing madyapala dumugining delahan. Teka sanget-sanget anggen paduka wantala ndhawahaken duka dhumateng pun kulup Gathutkaca. Dhuh Pangeraan… aluwung kapejahana pun Arimbi tinimbang ngawuningani lelampahan punika Pangeraan..Pangeran..”        

           

(Kapetik saka:Panyebar Semangat No.31-30 Juli 2016)

 

 
 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 


Sing dadi amanat utawa pesen moral jroning pethilan crita wayang mau yaiku . . .

A.  Manungsa iku yen duwe kekarepan kudu njagakna wongtuwa

B.  Manungsa iku yen duwe kekarepan becike usaha dhewe ora ngandhalake wongtuwa

C.  Yen kekarepan ora bisa kagayuh luwih akeh sambat nyang wong gerang

D.  Yen kekarepane bisa kagayuh lalekna wong tuwamu

E.   Urip ana donya iku pancen akeh pacobane

ANS: B

13.    Gatekna informasi saka wacan pariwara ngisor iki!

Adhedhasar dhata infeksi covid-19 kasebut, selisih saka kurban positif  lan seda cacahe ana. . .

A.     380 wong

B.     399 wong

C.     2.020 wong

D.     4.150 wong

E.      4.557 wong

ANS: D

 

14.    Gatekna pethilan teks drama ngisor iki!

Awan iku ana 5 bocah yaiku Riska, Fidya, Didit, Fahmi, lan Danang arep kerja kelompok nggarap tugas bareng.

Riska: “Mengko ayo nggarap tugas bareng ya rek”

Fidya: “Neng omahku wae piye? Nanging aja ngrameni ya merga ana adhikku lagi lara.”

Fahmi: “Aja lali nggawa bahan-bahane kanggo mading Crita Wayange.”

Danang: “Oke oke. Yen ngunu bar saka sekolah tet langsung ganti klambi, mangan dhisik, banjut budhal nyang omahe Fidya ya?”

Didit: “Mengko daksusul neng omahmu masbro. Aja kesuwen lho.”

Sawise bali ing omahe dhewe-dhewe lan wektu jam 4 sore, Riska, Fahmi, lan Danang enggal budhal menyang omahe Fidya. Mung Didit wae sing ora teka merga sawise bubar sekolah dheweke keturon lan ora eling yen wis sepakat nggarap tugas bareng.

*ing omahe Fidya*

Danang: “Didit ngendi ya? Kok ra isa dihubungi. Nganti jam 5 sore kok durung teka-teka.”

Fahmi: “Apa dheweke lali yen saiki nggarap tugas bareng awakdhewe?”

Faiza: “Apa merga dheweke ngira yen nggarap tugase ora neng omahku nanging neng omahe. Luwih becik kepriye yen awakdhewe mara nyang omahe wae, sapa ngerti Didit wis ngenteni.”

Riska: “Menawa dheweke isih ana urusan nanging lali ngabari awakdhewe. Dienteni wae neng kene karo nyicil nggarap tugase.”

Bocah 4 mau nggarap tugas luwih dhisik sinambi ngenteni tekane Didit. Sawise jam tangane Danang nuduhake jam 17.30, katon saka kadohan playune bocah lanang kanthi menggos-menggos karo nyangking tas.

Danang: “Lhoya kandhani, Didit awit teka.”

Riska: “Eh iya. Lha kenangapa kok kowe mlayu kaya dikejar setan lan isih nganggo seragam sekolah?”

Didit: “Rek.. kowe lagi ngapa kok isuk-isuk nglumpuk neng omahe Fiaza? Apa kowe ra wedi telat budhal nyang sekolah?”

Sawetara Danang, Fidya, Riska, lan Fahmi ngguyu cekakakan krungu omongane Didit.

Fidya: “Iki isih sore, Dit. Apa kowe nglindur merga awit tangi turu?”

Fahmi: “Mulane talah Dit, ngandelan pituture wong tuwamu yen awakdhewe ki ora apik turu nganti sore iku.”

Praupane Didit abang semu merga kisinan lan njaluk sepura merga teka telat.

Yen ditilik saka undha-usuke basa, basa sing digunakake dening Danang jroning teks drama ing mau nggunakake basa jawa. . .

A.     Krama inggil

B.     Krama lugu

C.     Ngoko alus

D.     Ngoko lugu

E.      Ngoko krama

ANS: D

 

Multiple Response

1.        Setitikna wacan ngisor iki!

Tembang macapat utawa puisi tradhisional Jawa kang kaiket dening paugeran. Paugeran saka tembang macapat ana 3, yaiku paugeran guru gatra, guru lagu lan guru wilangan. Saben tembang macapat nduweni paugeran kang beda-beda, semana uga watek lan sasmitane. Tembang macapat cacahe ana 11 kang nyritakake lelakon uripe manungsa wiwit durung lair nganti seda. Anane paugeran kasebut kang mbedakake antarane tembang macapat lan geguritan.

Saliyane duwe paugeran, tembang macapat uga ngandhut unsur pandhapuk ing antarane yaiku dhiksi lan purwakanthi. Unsur pandhapuk saka tembang macapat ora bisa uwal saka anane aksara, wanda, tembung lan ukara. Dhiksi yaiku pamilihan tembung sajrone karya sastra tujuwane kanggo nambahi estetik tembung sajrone tembang. Pamilihan tembung sajrone tembang arupa tembung lingga, tembung andhahan, lan dasanama. Unsur pandhapuk iki kang nuwuhake makna sinurat sajrone tembang.

Unsur pandhapuk tembang kang gegayutan karo aksara lan ukara yaiku purwakanthi. Purwakanthi iki jinise ana 3, yaiku purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra, lan.purwakanthi guru basa(lumaksita). Purwakanthi guru swara gegayutan karo runtuting swara kang digunakake sagatra tembang. Telung jinis purwakanthi iki kang bisa nuwuhake rasa pangrasa panggurit nalika nembangake sawijining tembang macapat.

Ngisor iki klebu tuladhane purwakanthi guru swara ing antarane. . .

Bisa milih luwih saka siji wangsulan.

A.    Keplok ora tombok

B.     Kegedhen empyak kurang cagak

C.     Saya suwe saya sumengka

D.    Tela diiris-iris, gawe gela ora uwis-uwis

E.     Witing klapa, klapa mudha saumpama

ANS: A, B, D

 

2.        Setitekna wacan ngisor iki!

Ngontrol Tensi kanggo Ngendhaleni Hipertensi

Hipertensi mujudake momok tumraping kasarasan. Hipertensi dadi silent killer kang bisa nuwuhake komplikasi sakehing penyakit kang niwasake. Kamangka, gangguwan kesehatan kasebut bisa dikontrol supaya ora nganti ndrawasi. Salah sijine klawan sregep ngontrol tekanan dharah.

Dokter Rossana nerangake, tekanan darah nuduhake kerjane jantung nalika ngompa getih (kontraksi) lan nalika ngaso (relaksi). Nalika wayah kontraksi, cacahe getih kang dikompa Jantung watara 4,5 engga 5 liter getih ing saben samenite. Yen diukur nganggo tensimeter utawa sfigmomanometer, ana rong angka kang muncul, nuduhake angka tekanan sistolik (uga disebut angka tekanan darah atas) lan diastolik (angka tekanan darah bawah). Angka sistolik mujudake jumlah kang diukur ing saben keteg jantung, nalika jantung ngompa getih lan nyurung getih liwat arteri menyang sarandune badan.

Ora ana tandha-tandha kang katon. Nanging, ana sawatara tandha kang perlu diwaspadani. Ing antarane, mumet (ngelu), githok utawa cengel nyeri, lan dhadha nyeri.Nanging, tetep kudu dibuktekake liwat pengukuran. Lan pengukuran ora cukup mung sepisan, tambahe dr.Rossana nalika dipethuki ing acara Pfizer Press Circle ing wewengkon Senayan, Jakarta mentas iki.

Hipertensi aja dianggep sepele. Yen ora dikawekani antarane 3-5 taun, bisa dadi nuwuhake resiko marang maneka warna penyakit kang dadi lan patine kayadene srroke, gagal jantung, lan gagal ginjal. Yen wis kadenangan lara hipertensi, dokter mesthi bakal nemtokake obate

sing cocog mungguh kahanane pasien. Saliyane pengobatan, pasien kudu tuhu anggone nindakake sawatara bab kanggo ngontrol tekanan dharah.

(kapetik saka: Majalah Panyebar Semangat No.31-30 Juli 2016)

Adhedhasar teks mau, informasi kang bisa dijupuk ing antarane. . .

Bisa milih luwih saka siji wangsulan.

A.    Cacahe getih nalika kontraksi kang dipompa jantung luwih saka8 liter saben menite

B.     Manungsa kudu njaga kasarasan kanthi sregep ngontrol dharah lan milih panganan kang luwih sehat

C.    Penyakit kang klebu resiko pati kayata gagal jantung, gagal ginjal, lan stroke

D.    Dhokter mesthi menehi obat kang cocog gumantung kahanane pasien kang lara hipertensi

E.     Tekanan sistolik lan diastolik bisa diweruhi saka alat termometer

ANS: B, C, D

 

3.        Setitikna crita ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan!

Maling Kentiri

Kacarita ana anak lanang jenenge Kentiri, putrane Kyai Ageng Pancuran gandrung marang Dewi Sirep, putrane Mbok Randha Sugati saka Desa Sapetik, Sulang, Rembang. Kyai Ageng Pancuran njaluk tulung marang sadulure, Jarunan, supaya nglamar Dewi Sirep kanggo Kentiri. Kang gandrung marang Dewi Sirep ora mung Kentiri nanging uga Jaka Selakan, putrane Kyai Ngusman saka Balun, Cepu, Blora. Jaka Selakan uga nglamar Dewi Sirep. Anggone Kentiri nglamar luwih dhisik tinimbang Jaka Selakan nanging sing ditampa Mbok Randha Sugati iku lamarane Jaka Selakan. Ngerti kaya mengkono Kentiri dadi ngamuk karo Jaka Selakan. Kekarone padu lan Jaka Selakan kalah merga dipateni karo Kentiri.

Kentiri terus mara menyang omahe mbok Randha Sugati supaya Dewi Sirep gelem nampa lamarane maneh. Dewi Sirep gelem didadekake bojo Kentiri yen dheweke nyaguhi apa-apa wae sing dikarepake Dewi Sirep. Tanpa dipikir maneh Kentiri terus nyaguhi panjaluke Dewi Sirep, yaiku adus ana ing Sendhangkara ing Tuban, uga kudu duwe Bendhe Becak, Bendhe Singabarong, lan Bendhe Kencana.

Barang kang dadi panjaluke Dewi Sirep iku sejatine ana kang nduweni, kayata Bendhe Becak kang nduweni Mbok Randha Suli ing Tuban. Mbok Randha Suli iku tani kang sregep, dheweke duwe anak lanang siji jenenge Jaka Becak. Ngerteni yen Mbok Randha duwe Bendha Becak, Kentiri terus lunga menyang omahe Mbok Randha nyilih Bendhe Becak. Mbok Randha kandha yen dheweke ora duwe sing dikarepake Kentiri, sing diduweni mung anak lanang siji jenenge Jaka Becak. Kentiri ora percaya, Kentiri terus padu karo Jaka Becak. Jaka Becak kalah terus pejah, ora let suwe Jaka Becak malih wujudipun dadi Bendhe Becak.

Jroning teks crita rakyat “Maling Kentiri” mau, ngandhut nilai budaya sing negatif ana gegayutane karo kahanan jaman saiki yaiku. . .

Bisa milih luwih saka siji wangsulan.

A.  Pemudha sing pegaweyane dadi maling dianggep ora pantes dipilih kanggo anak wadone

B.  Yen seneng karo bocah wadon kudu ngupaya kanthi cara sing degsura

C.  Yen duwe pepinginan kudu gelem usaha kanthi ngaya

D.  Gelem ngurbanake nyawa kanggo bocah wadon sing ditresnani

E.  Wong tuwa kepengin yen anake dilamar wong sugih wae

ANS:  A, C, E

 

4.        Setitikna teks wacan ing ngisor iki!

Nyadran iku salah siji prosesi adat budaya Jawa awujud kegiyatan setaun sepisan ing sasi Ruwah wiwit saka resik-resik sarean leluhur, mangsak panganan tartamtu kaya dene apem, ater-ater lan slametan utawa kenduri. Jeneng nyadran iki asale saka tembung sraddha, nyraddha, nyraddhan, banjur dadi nyadran. P J Zoetmulder ana ing buku Kalangwan uga nyritakake bab upacara sraddha kanggo mengeti sedane Tribuwana Tungga Dewi ana ing taun 1350.

Upacara sraddha minangka pengetan raja-raja sing wis puput yuswa uga sinebut ing kidung Banawa Sekar, nganggo uba rampe wujud baita (prau) sing digawe saka kembang (puspa sekar). Tradisi nyadran pranyata wis lumaku wiwit jaman Majapait nganti saiki. Pakurmatan kanggo leluhur isih lestari lan dipepetri dening masyarakat, mligi ing tlatah padesan. Nyekar ing sasi Ruwah duwe surasa utawa wulangan marang anak putu supaya padha tresna lan eling marang leluhur.

Tradhisi iki minangka asil akulturasi budaya Jawa lan Islam. Tembung "Nyadran" asale saka tembung "Sraddha" sing tegese iman. Ing tanggalan Jawa wulan Ramadhan uga diarani wulan Ruwah, saengga acara Nyadran uga diarani acara Ruwah. Nyadran biasane katindakake sawulan sadurunge bulan puasa utawa ing tanggal 10 Rajab, utawa 15, 20, lan 23 Ruwah. (https://www.goodnewsfromindonesia.id/2019/05/17/nyadran-tradisi-unik)

Adhedhasar wacan mau, sing ora klebu tatacara upacara nyadran ing antarane . . .

Bisa milih luwih saka siji wangsulan.

A.    Mangsak panganan tartamtu

B.     Ngudheg dhawet

C.     Resik-resik sarean leluhur

D.    Slametan

E.     Nindakake pasa

ANS: B, E

 

5.        Setitikna geguritan ing ngisor iki!

DONYANE PETENG

Dening: Aming Aminoedhin

Donyane peteng, sedina ora ana katon srengenge,

Udane awit sadurunge dhuhur, nganti sawise magrib durung gelem rampung.

Lurung dawa katon sepi, Angin sing liwat gawe adheme awak iki.

 

Donyane peteng, kaya ngerti isih akeh lelara ana ngendi-endi.

Srengenge melu merem, kasaput mendhung kang werna ireng,

Wedi weruh memala isih padha mubeng.

 

Amung dongamu bisa digawe sangu, ngadhepi akehe pacoban ing alam donya iki.

Mula kudu donga-dinonga marang sapadha-padha.

Muga bisaa sirna kabeh lelara, kabeh memala.

Temtokna gambaran pangindran sajrone geguritan mau sing trep yaiku kadeleng saka ukara..

Bisa milih luwih saka siji wangsulan.

A.    Muga bisaa sirna kabeh lelara, kabeh memala

B.     Donyane peteng, sedina ora ana katon srengenge

C.     Ngadhepi akeh pacoban ing alam donya iki

D.    Angin sing liwat gawe adheme awak iki

E.     Lurung dawa katon sepi

ANS: B, D, E

 

6.        Setitikna pethilan tembang campursari ngisor iki!

Jroning tembang mau ngandhut unsur pandhapuk arupa purwakanthi guru swara sing digunakake dening pangripta, bisa ditengeri ana ing ukara. . .

Bisa milih luwih saka siji wangsulan.

A.    Kidungingkatresnan

B.     Senjakangngusadatresna

C.    Tresnakukepati, tinaliingati

D.    Slagamungrerujitati

E.     Duh wongmanis

ANS: B, C, D