ukk k2013 bahasa daerah kelas v



ULANGAN KENAIKAN KELAS SEKOLAH DASAR
TAHUN PELAJARAN 2014/2015
Tanda tangan
Orang tua/Wali
Murid
Bidang Studi     : BAHASA JAWA
Kelas                  : V (lima)
Hari/Tangal        : ....................................................
Waktu                : 60 menit
Nama                 : ....................................................
Nilai


Paraf



Ngingu Tawon
                Ing desaku akeh wong ngingu tawon . tawon sing diingu jenenge tawon undhuhan, asale saka tembung undhuh, tegese kena diundhuh utawa dipanen madune. Nek basa Indonesia jenenge lebah madu. Byasane wong ing desaku ngingu tawon mung kanggo duwen duwen. Kandhange tawon jenenge glodhongan, sing digawe saka glugu bunder sing disigar dadi loro, njerone dikrowoki ben bolong, bolongan kuwi sing kanggo omahe tawon. Glodhongan biyasane digantung ing emper mburi omah.
                Nek Wong-wong liya padha ngingu tawon mung kanggo duwen-duwen, bapakku beda. Bapakku pancen mbudi daya utawa ternak tawon. Diarani ternak tawon mergo glodhongan tawone bapak ora mungsiji loro, tapi akeh ing ubenge omah. Nek mangsa panen madu ana wong sing marani madu ing omah. Nek wayahe dipanen biayasane aku melu kebagian mangan madu.
                Bapakku olehe ngerah madune isih nganggo cara manual, yakuwi ngenggo tangan. talane dipilih sing ana isine madu thok, terus diperes ing dhuwur kain sing dienggo saringan. Ora kabeh madu saka asile panen bisa di dol. Nek wayah usume kopi lagi kembang dadine madu ana rasa paite. Sing kaya ngene iki ora payu didol, dadi mung dipangan dhewe.

I.      Pilihen salah siji wangsulan sing bener !

1.       Umume tawon sing diingu iku diarani ...

a.       Ratu
b.      Undhuhan
c.       Prajurit
d.      pomahan

2.       Wong ngingu tawon iku sing dijupuk ....

a.       Babone
b.      Anake
c.       Madune
d.      omahe

3.       kandhange utawa omahe tawon sing digawe saka glugu disigar banjur dikrowoki tengahe diarani ...

a.       gedhongan
b.      glodhongan
c.       pagupon
d.      gadhungan

4.       Nek Wayah usume kopi lagi kembang madune ora payu ddol jalaran madune ...

a.       Mesthi reged
b.      Ana rasa paite
c.       Ana racune
d.      Ora kena diundhuh

5.       Tawon Undhuhan basa Indonesia jenenge ...

a.       Tawon madu
b.      Lebah madu
c.       Madu lebah
d.      Madu tawon

6.       Roni                 : “pak, panjenengan kala wau sampun dhahar menapa dereng? Menawi dhereang, menapa
   kersa kula tumbasaken ayam goreng. “
Bapak             : “ora usah le, aku mau wis mangan ing omahe Dhik pandu”
Jroning dhialog iku basa sing digunaake Roni yaitu basa

a.       Ngoko lugu
b.      Mgoko alus
c.       Krama lugu
d.      Krama alus

7.       Ibu   : “kanca-kanca mau mentas saka ngendi wae ?”
Sari  : “ .....

a.       Inggih kula tamtu ndherek
b.      Kula ngriki kaliyan kanca-kanca.
c.       Niku wau saking dalemipunBu Siti.
d.      Samenika kanca kula wangsul.

8.       Bayu diceluk budhene arep diwenehi jajan.
Tembung diceluk lan diwenehi jroning ukara ing dhuwur benere ..

a.       Ditimbali lan diparingi
b.      Dipuntimbali lan dipunparingi
c.       Diaturi lan disukani
d.      Dipunaturi lan dipunsukani

9.       Geguritan kuwi yen ing basa Indonesia diarani ...

a.       Pantun
b.      Puisi
c.       Sajak
d.      semboyan

10.   yen kepingin pinter kudu sregep ...
Isine titik titik ing dhuwur yen di tlis nganggo aksara jawa ...

a.        
b.       
c.        
d.       

11.   Bocah loro kakang adhi kuwi rupane kaya jambe ... (SIGAR)

a.       daksigar
b.      siragen
c.       sumigar
d.      sinigar

12.   Kowe dak celuki bola bali kok ora ... (saur), karepmu kuwi piye, ta?

a.       Sinaur
b.      Sumaur
c.       Saurana
d.      kesaur

13.   Dhandang gula iku salah sijine jinis tembang ...

a.       Dolanan
b.      Gedhe
c.       Macapat
d.      tengahan

14.   perangane layang sing isine aweh kabar keslametane sing kirim lan donga pamuji marang sing dikirim diarani ...

a.       satata basa
b.      adangiyah
c.       surasa basa
d.      pepreneh

15.   Ukara ing ngisor iki sing lumrahe digunakake kanggo salam pambuka yaiku ...

a.       Serat sangking putra
b.      Kairing saunging pakurmatan
c.       Taklim kulo kekalih
d.      Saking ingkang rayi

16.   Kanthi serat punika kulo ngaturi kabar bilih kawontenan kula tansah ginanjar wilujeng, boten wonten alangan menapa-menapa.
Perangane layang ing dhuwur mujudake ...

a.       Adangiyah
b.      Purwaka
c.       Wasana basa
d.      pepreneh

17.   Wujude ater-ater tripurusa yaiku ....

a.       M-, n-, ny-, ng-
b.      Dak-, kok-, di-
c.       Kuma-, kami-
d.      Sa-, pa-, pi-

18.   Murid yen matur karo bapak lan ibu guru kudu nggunakake basa ...

a.       Ngoko lugu
b.      Ngoko alus
c.       Krama lugu
d.      Krama alus

19.   Bocah sing ayu kuwi idepe ...

a.       Ngudhup turi
b.      Tumengeng tawang
c.       Nyela cendhani
d.      Nduren sajuring

20.   Sumbare kaya ...

a.       Ghatut kaca ilang gapite
b.      Bisa mutung wesi gligen
c.       Bantheng ketaton
d.      Bisa mecah mecahake ggundul

Wacanen sing setiti kanggo njawab nomer 21-25 !
Dhandanggula
Lamun sira anggeguru kaki,
Amiliha sujanma kang nyata,
Ingkang becik martabate,
Sarta ngibadah lan kang wirangi,
Sukur antuk wong tapa,
Ingkang wus amungkul,
Tan mikir pawehing liyan,
Iku pantes sira guronana kaki,
Sartane kawruhana.
21.  Dhandanggula iku salah sijine jinis tambang ....

a.      Dolanan
b.      Gedhe
c.       Macapat
d.      tengahan

22.  Tembang dhandanggula ing dhuwur dumadi saka ....... gatra.

a.      5
b.      7
c.       10
d.      15

23.  Lamun sira anggegeru kaki, miliha sujanma kang nyata.
Tembung Sujanma tegese ..............

a.      Wanita
b.      Manungsa
c.       Murid
d.      pagawean

24.  Isine tembang Dhandanggula ing dhuwur nyitakake ..........

a.      Carane milih guru
b.      Tata carane ngibadah
c.       Tata kramane dadi murid
d.      Carane dadi guru

25.  Guru wilangan lan guru lagune baris kasiji lan loro yaiku ..........

a.      10i, 10a
b.      10i, 9a
c.       10a, 10i
d.      9a, 10a

II. Isinen titik-titik ing ngisor iki !
1.       Perangane layang sing isine aweh kabar keslametan lan donga pamuji saka sing kirim layang diarani ....
2.       Ateri-ater m-, n-, ny-, lan ng- diatani ater-ater ..............
3.       Wujude ater-ater tripusa yaiku .............
4.       Pasangan aksara jawa sing wujude padha karo aksoro asline yaiku pasangan ........... pasangan ............. lan pasangan ............
5.       Alise ............ dene athi-athine ngundhup turi katon njlarit nambahi ayu lan pantese.
6.       Pocung, sinom, Kinanthi, Gambuh, lan Durma iku kelebu jinise tembang .................
7.      Basa krama sing alus kuwi diarani basa ..............
8.                                                          Yen ditulis latin yaiku .................
9.       Sadulur kok ora bisa rukun kaya banyu karo .................
10.   Bocah ayu kuwi  mripate ................

III. Jawaben pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1.       Panyandrae awak ing ngisor iki yaiku .....
a.       Pipine ....
b.      Bangkeane .......
2.       Gantien nganggo kromo inggil !
Ibu ngombe kopi, bapak lagi adus.
3.       Sebutno pandhawa limo !
4.       Bapak tuku roti, yen ditulis aksara jawa ......
5.       Ukara tanduk iki gantien nganggo Ukara tanggap!
Si Embah ngunjuk Jamu.