SOAL dan KUNCI PENILAIAN AKHIR SEMESTER Bidang Studi : BAHASA DAERAH Kelas : XI

I.        Pilihen salah siji jawaban sing paling bener antarane jawaban a,b,c,d, utawa e!
Wacan kanggo mangsuli nomer 1-4!
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak-bapak saha ibu-ibu ingkang kula hormati. Adhik-adhik warga karang taruna ing desa Sukorejo ingkang kula tresnani. Saderengipun mangga sami muji sukur wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang sampun paring rahmad dhateng kita, saengga kita saged manunggal kempal wonten ing dalemipun Bapak Samekta kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Adhik-adhik warga karang taruna ingkang kula tresnani. Kula minangka kepala desa Sukorejo rumaos bombong, suka gambira. Jalaran adhik-adhik nggadhahi tekad lan niyat ingkang luhur, inggih punika adhik-adhik sampun purun manunggal kempal wonten ing wadhah karang taruna ing desa Sukorejo ngriki.
Kegiyatan punika minangka pratandha bilih adhik-adhik kalebet mudha-mdhi ingkang sadhar dhateng persatuan saha kesatuan. Pramila kula nyuwun mugi-mugi adhik-adhik tansaya saged nindakaken raos persatuan menika kanthi nindakaken pakaryan-pakaryan ingkang murakabi kangge kemajenganing desa Sukorejo ngriki mliginipun, sumrambahipun ing tlatah Kendal.
Dhumateng adhik-adhik ingkang nggadhahi kagunan saha ketrampilan menapa kemawon ingkang sae, kula suwun purun nularaken dhateng adhik-adhik sanesipun. Saengga mangke warga karang taruna ing desa Sukorejo tambah seserepanipun ingkang prodhuktif. Asilipun saged nambah kesejahteraanipun warga karang taruna saha dados kemajenganing desa.
Kula nyuwun supados sesami warga sami purun caos lan nampi pepenget mbok bilih wonten tumindak ingkang nalisir saking bener. Kanthi makaten sadaya saged lumampah kanthi sae. Tundhonipun saged dados tepa tuladha dhateng adhik-adhik ingkang kaprenah taruna.
Kula kinten cekap samanten atur kula, menawi wonten ceweting atur kula nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
1.        Miturut wacan ing ndhuwur, sing nindakake sesorah yaiku .....


A.      ketua RT
B.       kepala desa
C.       ketua karang taruna
D.      warga Sukorejo
E.       Bapak Samekta


2.        Sesorah kasebut katujokake marang .....


A.      kepala desa
B.       ketuaRT
C.       Bapak Samekta
D.      ketua karang taruna
E.       warga Sukorejo


3.        Sesorah ing ndhuwur surasane babagan ....


A.      raos persatuan
B.       pendhidhikan
C.       gotong royong
D.      kawicaksanan
E.       kasarasan


4.        Sesorah kasebut ditindakake ana ning griyane .....


A.      ketua RT
B.       kepala desa
C.       ketua karang taruna
D.      Bapak Samekta
E.       warga Sukorejo


5.        Pak Bagyo nembe mucal kelas sekawan. Ukara kasebut migunakake basa .....


A.      ngoko lugu
B.       ngoko alus
C.       krama lugu
D.      krama alus  
E.       kramantara


Gatekna geguritan iki kanggo mangsuli pitakon nomer 6-8!
Lintang Wengi
Dening: Wiwiek Panca Widyaningsih

Ludira kadya kandheg, kapireng
kekidunganmu endah rinasa
Agawe pangungun sadawane gili
Wasana .....
Den semu
Geneya .....?

Panjeriting lintang wengi
Dicelathu sajroning kalbu
Smara jati kang kasiput mendhung
..... miris ......... jebul datan anyandhak

6.        Wose geguritan ing ndhuwur yaiku .....


A.      lintang kang njerit  
B.       swasana kang peteng         
C.       lintang kang abyor
D.      langit kang kebak mendhung
E.       ora katon srengenge


7.        Tegese tembung ludira ing ukara ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah rinasa yaiku .....


A.      kringet
B.       getih
C.       sirah
D.      angin 
E.       geni


8.        Wos surasane pada kapisan yaiu rasa .....


A.      Seneng
B.       Kangen
C.       kaget
D.      miris
E.       tresna


9.        Basa kang digunakake ing geguritan, kejaba .....


A.      cekak
B.       menthes
C.       dawa
D.      endah
E.       tembunge pilihan


Wacan kanggo mangsuli pitakon nomer 10-13!
          Dina Senin 16 Maret kepungkur para pemimpin parpol wis nganakake dheklarasi kampanye damai ing kampanye terbuka kang bakal rampung tanggal 5 April ngarep iki. Mesthi wae kita ngajab yen pelaksanaan kampanye terbuka iki bisa lumaku rancag, damai, tanpa sambekala. Senajan jenenge wae kampanye terbuka, mesthi nglibatake masa sing ora saithik, kebak hura-hura, pawai/konvoi lan pameran kekuwatan masa, lengkap sabumbu-bumbune wujud pagelaran seni ing panggung, pidhato politik lan sapanunggalane.
10.    Gagasan pokok paragraf ing ndhuwur yaiku…..


A.      tanggal 15 April ngarep iki rampung kampanye
B.       pemimpin parpol nganakake dheklarasi damai
C.       kampanye terbuka mesthi nglibatake masa
D.      kampanye terbuka bisa lumaku rancag
E.       konvoi lan pameran kekuwatan masa lengkap


11.    Ukara baku ing paragraf ing ndhuwur mapan ana ing…..


A.      wiwitan
B.       tengah
C.       pungkasan
D.      wiwitan lan pungkasan
E.       tengah lan pungkasan


12.    Ing ngisor iki kang ana ing kampanye, kejaba…..


A.      masa kang saithik
B.       kebak hura-hura
C.       pawai/konvoi
D.      pagelaran seni ing panggung
E.       pidhato politik


13.    Kampanye terbuka rampung ing tanggal…..


A.      6 Maret
B.       16 Maret
C.       5 April
D.      15 April
E.       sawayah-wayah


Wawanrembug ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 14-15!
Anik      : “Sugeng dalu, Mbah. Kepareng matur bilih simbah punika sinaosa sampun sepuh nanging badanipun taksih sehat, mboten nate gerah, punika jampinipun menapa, Mbah?”
Simbah   : “O, kuwi ta. Yen bab kuwi pancen kersane Gusti Allah. Nanging aku dhewe uga mbudidaya kanggo kasarasaning awake.”
Anik       : “Hla caranipun mbudidaya kadospundi, Mbah?”
Simbah   : “Aku iki wiwit cilik seneng olahraga kanthi ajeg, lan manganku ora nganti wareg banget. Hla sing dakpangan kuwi sing bangsane ora ngandhut kimia, pokoke sing isih alami.”
14.    Tema wawanrembug ing ndhuwur yaiku…..


A.      pasugatan kang alami
B.       jampine menawa gerah
C.       tedhan kang ngandhut bahan kimia
D.      jaga kasarasan lingkungan
E.       lakune jaga kasarasan


15.    Narasumber liya kang bisa dijaluki katrangan babagan tema wawanrembug ing ndhuwur yaiku…..


A.      ahli fisioterapi
B.       ahli gizi
C.       Badan Lingkungan Hidup 
D.      dosen Fakultas Pertanian
E.       panulis artikel populer


Gatekna geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 16-19!
Ndhuk, Anakku Wadon
Dening: Aming Aminoedhin

Ndhuk, anakku wadon sing ayu dhewe
Dadi wong wadon iku kudu suci uni, suci rupi, lan suci ati
Amarga donya wis menehi tandha
Akeh wong wadon lambene bengak-bengok
Akeh wong wadon matane plerak-plerok
Akeh wong wadon aten-atene bosok
Lungguh methothok mlaku ora ndedelok
Kabeh iku aja mbok tiru, anakku
Ndhuk, anakku wadon, delengen ing tawang ika
Mbulan ora werna abang mbranang
Lintang-lintang ora gelem gumebyar
Lan srengenge kaya ngece-ngece
Mula iku omonga sing apik
Dandana sing resik
Mlakua sing becik
Ing ngalam donya
Ndhuk, anakku wadon sing ayu dhewe
Goleka dalan swarga liwat tetep madhep
Lan manteb terus dhedhepe marang Gusti
16.    Geguritan ing ndhuwur minangka piweling marang…..


A.      anake wedok
B.       lanang
C.       putu
D.       siswa
E.       pemimpin


17.    Wos utawa isi geguritan ing ndhuwur yaiku…..


A.      piwulang marang anake wadon
B.       aja lungguh methothok
C.       ngomonga sing becik
D.      golek dalan padhang
E.       dandan kang becik


18.    Sing ngripta utawa nganggit geguritan ing ndhuwur yaiku…..


A.      Aming Amilidin
B.       Aming
C.       Aming Aminudin
D.      Aming Aminoedin
E.       Aming Aminoedhin


19.    Ndhuk, anakku wadon, delengen ing tawang ika. Tembung tawang tegese…..


a.         langit
b.        awang-awang
c.         lintang
d.        rembulan
e.         srengenge


20.    Bapak menawi tindak kantor ….. sepedhah, dene kula menawi ….. sekolah cekap mlampah mawon.


A.      numpak-mangkat
B.       nitih-tindak
C.       nggenjot-lunga
D.      nitih-bidhal
E.       numpak-bidhal


21.    Sesorah tunggal utawa sesorah sing ora kudu ana wangsulane yaiku…..


A.      tanggap wacana
B.       pambagyaharja
C.       sabdatama
D.      purwaka
E.       pawarta


22.    Ukara “kula kinten cekap semanten atur kula, menawi mboten wonten ceweting atur kula nyuwun pangapunten”, minangka ukara…..


a.         purwaka
b.        isi utawa wigatining atur
c.         uluk salam utawa salam pambuka
d.        panutup
e.         pangarep-arep


23.    Kang ora kalebu ancase sesorah yaiku…..


a.         atur pambagya
b.        atur kabar, pawarta, informasi
c.         atur panglipur/hiburan
d.        pangajak
e.         panglarang


24.    Bab kang kapisan ditindakake nalika nggawe karangan yaiku nemtokake…..


a.         judhul
b.        tema
c.         basa kang digunakake
d.        ukara kang arep dienggo
e.         cengkorongan


25.    Isi puji sokur dhateng Gusti lan atur panuwun dhateng para tamu ingkang sampun kersa rawuh ing adicara menika yaiku urut-urutaning sesorah bab…..


a.         uluk salam/salam pambuka
b.        purwaka
c.         isi/wigatining atur
d.        pangarep-arep

e.         panutup


1.      D              11. D          
2.      B              12. A          
3.      B              13. E          
4.      D              14. E          
5.      C              15. E          
6.      B              16. C          
C                     17. C