soal SD Bahasa daerah





Seneng Tetulung
Minggu esuk, warga RT 3 RW 1 Desa Sawentar, padha nglumpuk ing ngarep omahe Pak Sukri, sesepuh ing Desa Sawentar. Dina iki para warga arep nganakake gotong royong ndandani omahe Mbok Sumi, warga Sawentar kono uga. Ora watara suwe Pak Sukri metu saka njero omah karo manggul linggis lan nyangking arit. Pak Sukri uluk salam banjur ngajak warga budhal menyang omahe Mbok Sumi.
Weruh tangga-tanggane padha teko, Mbok Sumi ora kaget, jalaran seminggu kepungkur Mbok Sumi wis diomongi Pak Sukri menawa ing dina iku para warga arep kerja bakti ndandani omahe. Wektu iku Mbok Sumi ya wis nyetujoni. Mbok Sumi iku kalebu warga sing paling sepuh ing Sawentar kono. Mbok Sumi wis jompo lan wis ora duwe sadulur maneh. Amarga saka iguh pratikele Pak Sukri, kabeh kabutuhane Mbok Sumi disangga bebarengan dening warga kalebu anggone padha arep ndandani omahe.

I.          Pilihen salah siji wangsulan sing bener!
1.        Dina Minggu esuk para warga nglumpuk ing omahe pak Sukri jalaran .....
a. arep rapat ing bale kelurahan                        c. Arep ndandani omahe Mbok Sumi
b. arep ndandani omahe Pak Sukri                   d. Arep kerja bakti mbangun gerdhu
2.        Para warga anggone nglumpuk ing ngarepe pak Sukri, jalaran Pak Sukri kuwi .....
a. dadi sesepuhe RT                                         c. wonge loman banget
b. dadi kepala desa                                           d. wonge sugih banget
3.        Apa sababe para warga kok gelem ndandani omahe Mbok Sumi?
a. Jalaran Mbok Sumi jompo tur mlarat.          c. Jalaran oleh bantuwan pemerintah.
b. Jalaran Mbok Sumi kuwi wonge sugih        d. Jalaran omahe Mbok Sumi wis rubuh.
4.        Dina minggu para warga arep nganakake gotong royong ndandani omahe Mbok Sumi. Gotong royong tegese .....
a. nyambut gawe        b. Kerja bakti                c. Tetulung                    d. Rame-rame
5.        Mbok Sumi kelebu warga sing paling sepuh ing Sawantar kono. Antonim sepuh yaiku .....
a. tuwo                        b. Enom                        c. Ayu                           d. kuat
6.        Ukara ing ngisor iki sing unggah-unggahe bener yaiku .....
a. Kula badhe mapan sare rumiyin.                  c. Kula bandhe mapan tilem rumiyin.
b. Sakniki kula dereng kagungan arta.             d. Bapak mau wis dakparingi obat.
7.        Nalika Bapak ...... aku ..... ing daleme Pakdhe.
a. lunga; turu               b. tindak; sare               c. kesah; tilem               d. tindak; turu
8.        Masak apa wae yen kakehan tangan rasane mesthi ora bisa enak. Tembung kakehan tangan tegese .....
a. akeh sing nandangi                                       c. Kakehan olehe mbumboni
b. Kakehan sing ngicipi                                    d. akeh wong sing nyawang
9.        Para warga wis ..... anggone padha arep ndandani dalan.
a. gedhe endase          b. mateng rembunge     c. lunyu ilate                  d. dawa ususe
10.    Wong kae sumbare kaya .....
a. manuk branjangan                                        c. banyu karo lenga
b. Wani ndilat wesi abang                                d. bantheng ketaton
11.    Esuk-esuk kok wis nggodhong gedhang daring, sajake kok katon .....
a. ngajak ngaso           b. Kurang prayoga        c. aras-arasen                 d. rada kemaruk
12.    Anggone nyambut gawe wis direwangi adus keringet meksa durung cukup.
Tembung adus keringet tegese .....
a. males nyambut gawe                                    c. ora gelem nyambut gawe
b. nyambut gawe rekasa                                   d. kepingin nyambut gawe
13.    Ing ngisor iki sing kalebu ukara tanggap yaiku .....
a. Sari nutup lawang kamar .                            c. Pardi ngarang tembang.
b. Terweluku dipakani kangkung.                    d. Naning maca geguritan.
14.    Ukara ing ngisor iki wenehana wasesa supaya dadi ukara tanduk!
Supaya bijine apik bocah-bocah ..... gurune sing mulang.
a. diwulang                 b. diwuruki                   c. nyetitekake                d. dibedheki
15.    Aja seneng umuk, prayogane sing ..... asor wae!
a. sabar                        b. andhap                      c. tata                            d. rukun
16.    Kowe ing kene aja ewuh ....., anggepen kaya ing omahmu dhewe!
a. darana                     b. tingkah                      c. pakerti                       d. pakewuh
17.                                                                                     Yen ditulis nganggo aksara jawa .....

a. rujak cingur             b. main dhadhu             c. mikul kayu                 d. watak ala
18.    Kecik isine sawo, .....
Terusane parikan lucu ing dhuwur yaiku .....
a. tuku pitik ing pasar Solo.                              c. rambut brinik kaya gendruwo.
b. mangan wajik klethik loro.                           d. rambute pitik durung kramas.
19.    Cacahe wanda saben-saben gatra jroning tembang macapat diarani .....
a. guru gatra                b. guru wanda               c. guru wilangan            d. guru lagu
20.    Ing ngisor iki sing kalebu tembang macapat yaiku .....
a. pocung, pangkur, balabak                             c. wirangsron, sinom, kinanthi
b. girisa, mijil, pangkur                                     d. durma, mijil, sinom
21.    Nindakake pagawean sarana kongkonan diparibasakake .....
a. pilih-pilih tebu bongkeng.                             c. tulung menthung.
b. nabok nyilih tangan.                                     d. ketapang ngrangsang gunung.
22.    Ukara ing ngisor iki sing nggunakake katrangan panggonan yaiku .....
a. Saben esuk Reni nyaponi kamare.                c. Ibu nggoreng gedhang ing pawon.
b. Mas Hadi wingi sore tuku sepatu.                d. Tini mengko sore arep tuku bausastra.
23.    A: “..... sing nyilih bukumu?”
B: “Sing nyilih bukuku Hariyati.”
a. Kapan                     b. Sapa                          b. Piro                            d. Ing ngendi
24.    Ing ngisor iki sing kalebu ukara tanggap yaiku .....
a. Pak Lurah maos majalah                               c. Sikile narti ditambani Ibu.
b. Adhik lagi makani pitik                                d. Segane dipangan kucing.
25.    Ing ngisor iki sing kalebu ukara tanduk yaiku .....
a. Sarung disuwekake Adhik                           c. Dhik Anis ajar nembang.
b. Bukumu isih disilih Hadi.                            d. Segane dipangan kucing.

II.        Isenana titik-titik ing ngisor iki!
1.        Wong sing ketoke nulungi nanging malah nyusahake diparibasakake .....
2.        Cacahe wanda saben sagatra jroning tembang macapat diarani .....
3.        Gresik Surabaya, kalah dhisik aja ngresula.
Unen-unen ing dhuwur diarani .....
4.        Merga sing duwe omah sugih, mula suguhane .....
5.        Putrane Pak Mantri saiki ngangsu kawruh ing Malang.
Tembung ngangsu kawruh tegese .....
6.        Gitarku digawa Mas Budi.
Yen didadekake ukara tanguk .....
7.        Mikul kayu yen ditulis jawa yaiku .....
8.        Masyarakate katon guyup ......................., negara katon ayem.
9.        Ukara tanduk ing basa Indonesia diarani .....
10.    Ani karo Ayu iku bedane kaya .....

III.      Soal ing ngisor iki garapen manut prentahe!
1.        Terangna apa sing diarani:
a. guru gatra

b. guru wilangan

c. guru lagu

2.        Ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara jawa!
a. Ing ngarsa sung tuladha.

b. Bocah bodho mung longa longo.

3.        Gawea ukara nganggo tembung “tata krama”!

4.        Gawea ukara nganggo pola JWLK(papan)!

5.        Roning mlinjo, amergi sampun sayah sami nyuwun .....

dra. Binti Munif
SDI Kyai AMin Surabaya