Multiple
Choice
1.
Setitikna pethilan
sesorah ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan!
Yen disetitikna, pethilan sesorah ing
dhuwur kanthi urut klebu ing perangan . . .
A.
Isi sesorah, pambagyaharja,
dudutan
B.
Atur pambuka, isi sesorah, salam
panutup
C.
Atur pangapura, atur pakurmatan,
salam panutup
D. Salam pambuka, atur pakurmatan,
atur sokur marang Gusti
E.
Salam pambuka, atur pangapura,
isi sesorah
ANS: D
2.
Setitikna teks
wacan ing ngisor iki!
Nyadran iku
salah siji prosesi adat budaya Jawa awujud kegiyatan setaun sepisan ing sasi
Ruwah wiwit saka resik-resik sarean leluhur, mangsak panganan tartamtu kaya
dene apem, ater-ater lan slametan utawa kenduri. Jeneng nyadran iki asale saka
tembung sraddha, nyraddha, nyraddhan, banjur dadi nyadran. P J Zoetmulder ana
ing buku Kalangwan uga nyritakake bab upacara sraddha kanggo mengeti sedane
Tribuwana Tungga Dewi ana ing taun 1350.
Upacara sraddha
minangka pengetan raja-raja sing wis puput yuswa uga sinebut ing kidung Banawa
Sekar, nganggo uba rampe wujud baita (prau) sing digawe saka kembang (puspa
sekar). Tradisi nyadran pranyata wis lumaku wiwit jaman Majapait nganti saiki.
Pakurmatan kanggo leluhur isih lestari lan dipepetri dening masyarakat, mligi ing
tlatah padesan. Nyekar ing sasi Ruwah duwe surasa utawa wulangan marang anak
putu supaya padha tresna lan eling marang leluhur.
Tradhisi iki minangka asil
akulturasi budaya Jawa lan Islam. Tembung "Nyadran" asale saka
tembung "Sraddha" sing tegese iman. Ing tanggalan Jawa wulan Ramadhan
uga diarani wulan Ruwah, saengga acara Nyadran uga diarani acara Ruwah. Nyadran
biasane katindakake sawulan
sadurunge bulan puasa utawa ing tanggal 10 Rajab, utawa 15, 20, lan 23 Ruwah. (https://www.goodnewsfromindonesia.id/2019/05/17/nyadran-tradisi-unik)
Adhedhasar
wacan eksposisi mau, uba rampe kang digawe kanggo nindakake Tradhisi nyandran
yaiku . . .
A.
Apem lan kenduri
B.
Sanjata lan
pusakane raja
C. Baita sing
digawe saka puspa sekar
D.
Kolak lan opor
ayam
E.
Kembang setaman
lan kidung banawa sekar
ANS: C
3.
Setitekna tabel cakepan tembang macapat ngisor iki!
Tembang
macapat mau ngandhut cangkriman utawa batangan kang kudu ditebak dening pamaca.
Cangkriman saka tembang 1 lan tembang 2 kanthi urut yaiku. . .
A. Penggaris,
dhompet
B. Buku,
Pulpen
C. ATM,
Sepatu
D. Buku,
KTP
E. Pulpen, ATM
ANS: E
4.
Setitikna teks
wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli
pitakonan!
Adhedhasar
wacan mau, bisa dingerteni yen lepet kuwi bahane saka godhong pandan, uyah, santen, lan
parutane krambil. Tegese krambil yaiku. . .
A. Gula
sing wernane soklat legi
B.
Wohe
klapa
C. Isine
asem
D. Sarine
pandan
E. Wohe
pohung
ANS: B
5.
Setitikna teks
wacan ing ngisor iki!
Wacan teks eksposisi kanthi irah-irahan Lepet mau, nduweni struktur teks kanthi urut yaiku. . .
A. Orientasi,
deskripsi, deskripsi bageyan
B. Panegasan
ulang, tesis, deskripsi
C.
Tesis,
argumentasi, panegasan ulang
D. Argumentasi,
konflik, kesimpulan
E. Tesis,
argumentasi, deskripsi bageyan
ANS: C
6.
Setitikna wacan ing ngisor iki!
Saliyane
dadi panganan tradhisional, lepet uga ngandhut filososfi kanggo uripe manungsa.
Lepet sing tegese silep kang rapet, nduweni makna dipendhem utawa ditutup
kanthi rapet. Mula, sing kudu ditindakake manungsa yaiku. . .
A. Ora preduli
marang tata agama
B. Luwih nengenake
kadonyan
C. Seneng tetulung
lumantar tumindak kang degsura
D. Gelem ngakoni yen tumindake luput lan ora dibaleni
E.
Andhap asor mung karo panguwasa
ANS: D
7.
Gatekna
teks ing ngisor iki!
Perpustakaan
Bung Karno iku manggone ing Jalan Kalasan nomer 1 Kutha Blitar. Ing kono awak
dhewe kejaba bisa maca-maca buku ngenani ajaran-ajaran Bung Karno uga bisa
ziarah ing makame Bung Karno jalaran panggonae gandheng karo makame Bung Karno.
Ing ngarep dhewe ana Patung Bung Karno, dene ing sisihe ana blumbagan taman
kang bisa nambahi endahe sesawangan.
Unit
Pelaksana Teknis (UPT) Perpustakaan Proklamator Bung Karno ing kutha Blitar
nduweni maneka koleksi, koleksi naskah kuno utawa manuskrip kang sumimpen ing
papan bidhang akuisisi lan pengelolahan badan pustaka. Nganti sprene ana 29
naskah kuno kang sumimpen ing antarane naskah lontar, naskah manuskrip jawa lan
naskah pegon. Saka naskah-naskah mau isih minim kang nganakake panliten naskah.
Kahanan mau amerga mung ana rong naskah kang wis ditliti, yaiku Serat Babad
Demak lan Babad Sultan Mataram III kang digarap dening mahasiswa Sastra Dhaerah
Universitas Sebelas Maret Surakarta, wiwit taun 2012 lan 2014 iki.
Ora
mung nyediyani koleksi pustaka wae, nanging wangunan Perpustakaan Proklamator Bung Karno
ing kutha Blitar iki uga menehi ilmu kawruh tumrape para bebrayan saben elemen,
awit lumantar maca koleksi buku kang sumedya, mirsani piranti sejarah, nggelar
seminar-seminar, lan sapiturute klebu tumindak kanggo ngekspor koleksi kang wis
ana.Fasilitas kanggo selfie utawa foto bisa ditindakake ing ngarep gong
satengahe perpustakaan iki. Gong kang aranane Gong Perdamaian iki nduweni
ukuran sing gedhe lan ana gendera negara ing sakupenge, cocog banget nalika
dinggo foto selfie bareng kulawarga.
UPT
Perpustakaan Proklamator Bung Karno dafi salah sawijine perpustakaan sejarah
sing khusus nyediyani kawruh ngenani sejarah bangsa Indonesia lan presiden
kapisan Indonesia, yaiku Ir.Soekarno. Saliyane iku, wangunan perpustakaan iki
nduweni pangajab kanggo nikelake budaya lan peradaban bangsa Indonesia
lumantargelem nekani sinaosa mung mlaku-mlaku utawa maca ing perpustakaan.
(kapetik
saka:tempatwisata.pro)
Yen
ditilik
saka isine, teks mau kalebu jinise artikel ....
A. Dheskripsi
B. Ekposisi
C. Narasi
D. Persuasi
E. Argumentasi
ANS: A
8.
Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!
Pesen
moral lang kinandhut jroning tembang macapat mau yaiku. . .
A. Dadi manungsa
kudu sregep nyambut gawe
B. Pangurbanan jiwa ragane kanggo bela negari
C. Kudu manut
marang prentah ratunipun
D. Nduweni budi
degsura
E.
Wani mboyong putri saka praja kawentar
ANS: B
9.
Gatekna teks
tembang macapat ngisor iki!
Yen ditilik saka paugerane, tembang 1 lan tembang 2
kanthi urut guru wilangan lan guru lagune yaiku. . .
A. Tembang 1: 7u,9i,8a,6i,7a,9i
Tembang 2: 10i,8a,8e,6u,12i,8a,7u,10a,14i,6a
B. Tembang 1: 9u,8i,6a,8i,9a,8i
Tembang 2: 9i,7a,8e,8u,12i,8a,7u,7a,12i,7a
C. Tembang 1: 8u,8i,8a,8i,8a,8i
Tembang 2:
10i,10a,8e,7u,9i,7a,6u,8a,12i,7a
D. Tembang 1: 8u,9i,9a,8i,8a,8i
Tembang 2: 9i,10a,7e,8u,8i,7a,7u,8a,12a,6a
E.
Tembang 1:
9u,9i,9a,8i,8a,8i
Tembang 2:
10i,9a,8e,8u,10i,8a,7u,7a,12i,5a
ANS: C
10. Setitekna
teks pawarta ngisor iki!
Puluhan
Ekor Paus Mlipir ing Selat Madura
KOMPAS.COM
– Syafii Ma’arif lan kanca-kanca saprofesi digawe nggumun merga prastawa kang
nembe diweruhi wektu iku.Para nelayanpadha kaget nalika weruh puluhan paus
mlipir ing Segara Modung, Kecamatan Modung, Kabupaten Bangkalan, Madura, Jawa
Timur, Kemis (18/2/2021). Dheweke
ngandharake
yen durung natih ana kadadeyan kaya ngene iki sadurunge.“para nelayan gumun
merga tekane langsung bebarengan” kandhane Syafii, Jumat (19/2/2021).
Salah siji warga, Luthfi, nyebutake
saperangan paus sing mlipir ditemokake kanthi kahanan tatu. Awit kadadeyan iki,
Balai Konservasi Sumber Daya Alam (BKSDA) Wilayah II Jawa Timur enggal
nindakake penyelidikan kanggo nemokake panyebabe. Kepala Bidang Konservasi
Sumber Daya Alam BKSDA Wilayah II Jawa Timur RM Wiwied Widodo, ngandharake yen
prastawa iki klebu fenomena langka,“fenomena langka, padatane sing mlipir ing
pinggir segara iku mung saperangan iwak, nanging iki nganti puluhan utawa sak
koloni, Kita lagi nylidiki panyebabe”.
Wiwied
njlentrehake yen paus yaiku mamalia laut sing nduweni sonar utawa piranti
navigasi. Koloni paus bakal nuju ngikuti jalur navigasi. Dheweke ngandharake
yen mokal nalika koloni paus mau ujug-ujug menggok tanpa sebab, nganti bisa
mlipir. Mulane pihak saka BKSDA bakal mriksani sempel saka Paus sing mlipir
mau.“Panyebabe bisa maneka werna, saka anane gangguan sonar merga gejala alam
kayata gempa utawa patahan bumi, utawa merga iwak kasebut mung lagi golek
mangan”, jlentrehe.
Miturut
Wiwied, BKSDA Jawa Timur diwenehi wektu sasuwene 3 dina kanggo ngudhari
panyebab fenomena paus mlipir iki. Cacahe paus sing mlipir ing Segara Modung,
Bangkalan, engga 52 iwak. Ana 3 iwak sing isih urip, dene sing liyane wis mati.
Katelu paus sing isih urip diculke neng segara. Paus sing mati mau dikubur
dening nelayan merga khawatir yen nuwuhake ambu sing ora penak. (https://nusadaily.com/jatim/puluhan-ekor-paus-terdampar-di-selat-madura-46-ekor-mati.html)
Adhedhasar
teks pawarta mau, bisa dingerteni yen koloni paus sing padha mlipir ana sing
bisa dislametake lan ana sing mati. Cacahe koloni paus sing mati yaiku . . .
A. 40
B.
48
C. 49
D.
50
E. 55
ANS: C
11.
Gatekna pethilan wacan ngisor iki!
Jroning Epos Ramayana ana salah sawijine paraga wayang
sing dadi prawira kanggo negarane. Senajan saka bangsane diyu nanging dheweke
nduweni sipat kang becik lan ora gelem mbenerake panindake kakange kang angkara
murka kanthi ndhusta Dewi Sinta. Dheweke minangka adhine Prabu Dasamuka, Raja
Ngalengka. Dheweke ngelingake kakange yen tumindhake nganti dhusta Sinta iku
ora pener. Amerga kadadeyan Sinta dhusta ora mung mbebayani tumrap kakange
nanging uga kanggo praja Ngalengka yen digempur dening Sri Rama.
Ewa mangkono, ing wektu Krajan Ngalengkadiraja
digempur dening mungsuh, yaiku Sri Rama lan prajurite, dheweke diparani kakange
ing Gunung Gohkarna. Raja Ngalengka mau kuwalahen ngadhepi bala Sri Rama lan
bangsane Wanara. Krungu critane kakange mau, dheweke tuwuh niyatan kanggo maju
perang. Sejatine dheweke ora gelem yen ing Negara Ngalengka nganti ana perang,
nanging kahanan iki kudu diadhepi amerga Raja Ngalengka ora gelem mbalekake
Dewi Sinta.
Dhewke netepi darmaning
satriya kanthi ngurbanake jiwa ragane kanggo mbelani negarane. Dheweke banjur
adhep-adhepan karo Sri Rama lan bala Wanara. Ing perang iki dheweke ora nggoyak
kanggo nglawan mungsuh nanging pasrah supaya ora ana kurban ing bala raseksa.
Sakojur awake kebak busur nganti 5 cacahe. Wusanane dheweke gugur mbela
negarane, ora amarga mbela kakange.
Adhine Dasamuka kang nduweni watek satriya merga sipat
kaprawirane jenenge. . .
A.
Adipati Karna
B.
Patih Suwanda
C.
Anoman
D.
Sugriwa
E. Kumbakarna
ANS: E
12.
Gatekna pethilan crita wayang ing ngisor iki!
“Heh Gathot bocah tanpa guna!mangertiya isine layang saka pamanmu Si
Jlampong ngandhakake yen anggonmu bakal rabi karo Pregiwa diwurungake.
Sebab kowe dibiji mung anake Wrekudara. Pregiwa bakal dirabi Lesmana anak
Duryudana, ratu ber bandha ber bandhu. Lhaaa. . . gawe wirange wong gerang!
Wis saiki mangkene Gathut, yen nyata kowe anake Wrekudara, saiki enggal
minggata saka ngarepku aja nyenyepeti mripat. Rampungana prekaramu dhewe
aja sambat wong Gerang. Nanging yen kowe ora bisa ngrampungi prekara iki,
luwih becik tak pateni dhewe kowe Gathooot…! Sarwa jumangkah Risang Bimasena nedya mrawasa
ingkang putra. Trangginas Risang Gathutkaca milar saking palenggahan, rikat
nilar paseban tambuh-tambuh purugipun. Giris Ratu Arimbi mulat lelakon
ingkang dumadi. Sarwi jelih-jelih sigra angrangkul ampeyane rising nawung
bendu, matur sarwi atawan tangis. “Dhuh Pangeraaan…Pangeran Jimat sesembahan kula ing madyapala
dumugining delahan. Teka sanget-sanget anggen paduka wantala ndhawahaken
duka dhumateng pun kulup Gathutkaca. Dhuh Pangeraan… aluwung kapejahana pun
Arimbi tinimbang ngawuningani lelampahan punika Pangeraan..Pangeran..” (Kapetik saka:Panyebar Semangat No.31-30 Juli 2016)
Sing dadi amanat utawa pesen
moral jroning pethilan crita wayang mau yaiku . . .
A. Manungsa iku yen
duwe kekarepan kudu njagakna wongtuwa
B. Manungsa iku yen duwe kekarepan becike usaha dhewe ora
ngandhalake wongtuwa
C. Yen kekarepan
ora bisa kagayuh luwih akeh sambat nyang wong gerang
D. Yen kekarepane
bisa kagayuh lalekna wong tuwamu
E.
Urip ana donya iku pancen akeh pacobane
ANS: B
13.
Gatekna informasi saka wacan pariwara ngisor iki!
Adhedhasar dhata infeksi covid-19 kasebut, selisih saka kurban
positif lan seda cacahe ana. . .
A. 380 wong
B. 399 wong
C. 2.020 wong
D.
4.150 wong
E. 4.557 wong
ANS: D
14. Gatekna pethilan teks drama ngisor iki!
Awan iku ana 5 bocah yaiku Riska, Fidya, Didit, Fahmi,
lan Danang arep kerja kelompok nggarap tugas bareng.
Riska:
“Mengko ayo nggarap tugas bareng ya rek”
Fidya:
“Neng omahku wae piye? Nanging aja ngrameni ya merga ana adhikku lagi lara.”
Fahmi:
“Aja lali nggawa bahan-bahane kanggo mading Crita Wayange.”
Danang:
“Oke oke. Yen ngunu bar saka sekolah tet langsung ganti klambi, mangan dhisik,
banjut budhal nyang omahe Fidya ya?”
Didit:
“Mengko daksusul neng omahmu masbro. Aja kesuwen lho.”
Sawise
bali ing omahe dhewe-dhewe lan wektu jam 4 sore, Riska, Fahmi, lan Danang
enggal budhal menyang omahe Fidya. Mung Didit wae sing ora teka merga sawise
bubar sekolah dheweke keturon lan ora eling yen wis sepakat nggarap tugas
bareng.
*ing
omahe Fidya*
Danang:
“Didit ngendi ya? Kok ra isa dihubungi. Nganti jam 5 sore kok durung
teka-teka.”
Fahmi:
“Apa dheweke lali yen saiki nggarap tugas bareng awakdhewe?”
Faiza:
“Apa merga dheweke ngira yen nggarap tugase ora neng omahku nanging neng omahe.
Luwih becik kepriye yen awakdhewe mara nyang omahe wae, sapa ngerti Didit wis
ngenteni.”
Riska:
“Menawa dheweke isih ana urusan nanging lali ngabari awakdhewe. Dienteni wae
neng kene karo nyicil nggarap tugase.”
Bocah
4 mau nggarap tugas luwih dhisik sinambi ngenteni tekane Didit. Sawise jam
tangane Danang nuduhake jam 17.30, katon saka kadohan playune bocah lanang
kanthi menggos-menggos karo nyangking tas.
Danang:
“Lhoya kandhani, Didit awit teka.”
Riska:
“Eh iya. Lha kenangapa kok kowe mlayu kaya dikejar setan lan isih nganggo
seragam sekolah?”
Didit:
“Rek.. kowe lagi ngapa kok isuk-isuk nglumpuk neng omahe Fiaza? Apa kowe ra
wedi telat budhal nyang sekolah?”
Sawetara
Danang, Fidya, Riska, lan Fahmi ngguyu cekakakan krungu omongane Didit.
Fidya:
“Iki isih sore, Dit. Apa kowe nglindur merga awit tangi turu?”
Fahmi:
“Mulane talah Dit, ngandelan pituture wong tuwamu yen awakdhewe ki ora apik
turu nganti sore iku.”
Praupane Didit
abang semu merga kisinan lan njaluk sepura merga teka telat.
Yen
ditilik saka undha-usuke basa, basa sing digunakake dening Danang jroning teks
drama ing mau nggunakake basa jawa. . .
A. Krama inggil
B. Krama lugu
C. Ngoko alus
D.
Ngoko lugu
E. Ngoko krama
ANS: D
Multiple
Response
1.
Setitikna wacan
ngisor iki!
Tembang macapat utawa
puisi tradhisional Jawa kang kaiket dening paugeran. Paugeran saka tembang
macapat ana 3, yaiku paugeran guru gatra, guru lagu lan guru wilangan. Saben
tembang macapat nduweni paugeran kang beda-beda, semana uga watek lan
sasmitane. Tembang macapat cacahe ana 11 kang nyritakake lelakon uripe manungsa
wiwit durung lair nganti seda. Anane paugeran kasebut kang mbedakake antarane
tembang macapat lan geguritan.
Saliyane duwe paugeran,
tembang macapat uga ngandhut unsur pandhapuk ing antarane yaiku dhiksi lan
purwakanthi. Unsur pandhapuk saka tembang macapat ora bisa uwal saka anane
aksara, wanda, tembung lan ukara. Dhiksi yaiku pamilihan tembung sajrone karya
sastra tujuwane kanggo nambahi estetik tembung sajrone tembang. Pamilihan
tembung sajrone tembang arupa tembung lingga, tembung andhahan, lan dasanama.
Unsur pandhapuk iki kang nuwuhake makna sinurat sajrone tembang.
Unsur
pandhapuk tembang kang gegayutan karo aksara lan ukara yaiku purwakanthi.
Purwakanthi iki jinise ana 3, yaiku purwakanthi guru swara, purwakanthi guru
sastra, lan.purwakanthi guru basa(lumaksita). Purwakanthi guru swara gegayutan
karo runtuting swara kang digunakake sagatra tembang. Telung jinis purwakanthi
iki kang bisa nuwuhake rasa pangrasa panggurit nalika nembangake sawijining
tembang macapat.
Ngisor iki klebu
tuladhane purwakanthi guru swara ing antarane. . .
Bisa milih luwih saka siji wangsulan.
A. Keplok ora tombok
B. Kegedhen empyak kurang cagak
C. Saya
suwe saya sumengka
D. Tela diiris-iris, gawe gela ora uwis-uwis
E. Witing
klapa, klapa mudha saumpama
ANS: A, B, D
2.
Setitekna wacan
ngisor iki!
Ngontrol
Tensi kanggo Ngendhaleni Hipertensi
Hipertensi
mujudake momok tumraping kasarasan. Hipertensi dadi silent killer kang bisa
nuwuhake komplikasi sakehing penyakit kang niwasake. Kamangka, gangguwan
kesehatan kasebut bisa dikontrol supaya ora nganti ndrawasi. Salah sijine
klawan sregep ngontrol tekanan dharah.
Dokter
Rossana nerangake, tekanan darah nuduhake kerjane jantung nalika ngompa getih
(kontraksi) lan nalika ngaso (relaksi). Nalika wayah kontraksi, cacahe getih
kang dikompa Jantung watara 4,5 engga 5 liter getih ing saben samenite. Yen
diukur nganggo tensimeter utawa sfigmomanometer, ana rong angka kang muncul,
nuduhake angka tekanan sistolik (uga disebut angka tekanan darah atas) lan
diastolik (angka tekanan darah bawah). Angka sistolik mujudake jumlah kang
diukur ing saben keteg jantung, nalika jantung ngompa getih lan nyurung getih
liwat arteri menyang sarandune badan.
Ora
ana tandha-tandha kang katon. Nanging, ana sawatara tandha kang perlu
diwaspadani. Ing antarane, mumet (ngelu), githok utawa cengel nyeri, lan dhadha
nyeri.Nanging, tetep kudu dibuktekake liwat pengukuran. Lan pengukuran ora
cukup mung sepisan, tambahe dr.Rossana nalika dipethuki ing acara Pfizer Press
Circle ing wewengkon Senayan, Jakarta mentas iki.
Hipertensi
aja dianggep sepele. Yen ora dikawekani antarane 3-5 taun, bisa dadi nuwuhake
resiko marang maneka warna penyakit kang dadi lan patine kayadene srroke, gagal
jantung, lan gagal ginjal. Yen wis kadenangan lara hipertensi, dokter mesthi
bakal nemtokake obate
sing
cocog mungguh kahanane pasien. Saliyane pengobatan, pasien kudu tuhu anggone
nindakake sawatara bab kanggo ngontrol tekanan dharah.
(kapetik saka: Majalah
Panyebar Semangat No.31-30 Juli 2016)
Adhedhasar teks mau,
informasi kang bisa dijupuk ing antarane. . .
Bisa milih luwih saka siji wangsulan.
A. Cacahe
getih nalika kontraksi kang dipompa jantung luwih saka8 liter saben menite
B.
Manungsa
kudu njaga kasarasan kanthi sregep ngontrol dharah lan milih panganan kang
luwih sehat
C.
Penyakit
kang klebu resiko pati kayata gagal jantung, gagal ginjal, lan stroke
D.
Dhokter
mesthi menehi obat kang cocog gumantung kahanane pasien kang lara hipertensi
E. Tekanan
sistolik lan diastolik bisa diweruhi saka alat termometer
ANS: B, C, D
3.
Setitikna crita
ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan!
Maling
Kentiri
Kacarita
ana anak lanang jenenge Kentiri, putrane Kyai Ageng Pancuran gandrung marang
Dewi Sirep, putrane Mbok Randha Sugati saka Desa Sapetik, Sulang, Rembang. Kyai
Ageng Pancuran njaluk tulung marang sadulure, Jarunan, supaya nglamar Dewi
Sirep kanggo Kentiri. Kang gandrung marang Dewi Sirep ora mung Kentiri nanging
uga Jaka Selakan, putrane Kyai Ngusman saka Balun, Cepu, Blora. Jaka Selakan
uga nglamar Dewi Sirep. Anggone Kentiri nglamar luwih dhisik tinimbang Jaka
Selakan nanging sing ditampa Mbok Randha Sugati iku lamarane Jaka Selakan.
Ngerti kaya mengkono Kentiri dadi ngamuk karo Jaka Selakan. Kekarone padu lan
Jaka Selakan kalah merga dipateni karo Kentiri.
Kentiri
terus mara menyang omahe mbok Randha Sugati supaya Dewi Sirep gelem nampa
lamarane maneh. Dewi Sirep gelem didadekake bojo Kentiri yen dheweke nyaguhi
apa-apa wae sing dikarepake Dewi Sirep. Tanpa dipikir maneh Kentiri terus
nyaguhi panjaluke Dewi Sirep, yaiku adus ana ing Sendhangkara ing Tuban, uga
kudu duwe Bendhe Becak, Bendhe Singabarong, lan Bendhe Kencana.
Barang
kang dadi panjaluke Dewi Sirep iku sejatine ana kang nduweni, kayata Bendhe
Becak kang nduweni Mbok Randha Suli ing Tuban. Mbok Randha Suli iku tani kang
sregep, dheweke duwe anak lanang siji jenenge Jaka Becak. Ngerteni yen Mbok
Randha duwe Bendha Becak, Kentiri terus lunga menyang omahe Mbok Randha nyilih
Bendhe Becak. Mbok Randha kandha yen dheweke ora duwe sing dikarepake Kentiri,
sing diduweni mung anak lanang
siji jenenge Jaka Becak. Kentiri ora percaya, Kentiri terus padu karo Jaka
Becak. Jaka Becak kalah terus pejah, ora let suwe Jaka Becak malih wujudipun
dadi Bendhe Becak.
Jroning teks crita rakyat “Maling Kentiri” mau, ngandhut nilai budaya
sing negatif ana gegayutane karo kahanan jaman saiki yaiku. . .
Bisa milih luwih saka siji wangsulan.
A. Pemudha sing pegaweyane dadi maling dianggep ora
pantes dipilih kanggo anak wadone
B. Yen seneng karo
bocah wadon kudu ngupaya kanthi cara sing degsura
C. Yen duwe pepinginan kudu gelem usaha kanthi ngaya
D. Gelem ngurbanake
nyawa kanggo bocah wadon sing ditresnani
E. Wong tuwa kepengin yen anake dilamar wong sugih wae
ANS: A, C, E
4.
Setitikna teks
wacan ing ngisor iki!
Nyadran iku
salah siji prosesi adat budaya Jawa awujud kegiyatan setaun sepisan ing sasi
Ruwah wiwit saka resik-resik sarean leluhur, mangsak panganan tartamtu kaya
dene apem, ater-ater lan slametan utawa kenduri. Jeneng nyadran iki asale saka
tembung sraddha, nyraddha, nyraddhan, banjur dadi nyadran. P J Zoetmulder ana
ing buku Kalangwan uga nyritakake bab upacara sraddha kanggo mengeti sedane
Tribuwana Tungga Dewi ana ing taun 1350.
Upacara sraddha
minangka pengetan raja-raja sing wis puput yuswa uga sinebut ing kidung Banawa
Sekar, nganggo uba rampe wujud baita (prau) sing digawe saka kembang (puspa
sekar). Tradisi nyadran pranyata wis lumaku wiwit jaman Majapait nganti saiki.
Pakurmatan kanggo leluhur isih lestari lan dipepetri dening masyarakat, mligi
ing tlatah padesan. Nyekar ing sasi Ruwah duwe surasa utawa wulangan marang
anak putu supaya padha tresna lan eling marang leluhur.
Tradhisi
iki minangka asil akulturasi budaya Jawa lan Islam. Tembung "Nyadran"
asale saka tembung "Sraddha" sing tegese iman. Ing tanggalan Jawa
wulan Ramadhan uga diarani wulan Ruwah, saengga acara Nyadran uga diarani acara
Ruwah. Nyadran biasane katindakake sawulan sadurunge bulan puasa utawa ing tanggal
10 Rajab, utawa 15, 20, lan 23 Ruwah. (https://www.goodnewsfromindonesia.id/2019/05/17/nyadran-tradisi-unik)
Adhedhasar
wacan mau, sing ora klebu tatacara upacara nyadran ing antarane . . .
Bisa
milih luwih saka siji wangsulan.
A.
Mangsak panganan tartamtu
B. Ngudheg dhawet
C.
Resik-resik sarean leluhur
D.
Slametan
E. Nindakake pasa
ANS: B,
E
5.
Setitikna geguritan ing ngisor iki!
DONYANE PETENG
Dening: Aming Aminoedhin
Donyane peteng, sedina ora
ana katon srengenge,
Udane awit sadurunge dhuhur,
nganti sawise magrib durung gelem rampung.
Lurung dawa katon sepi,
Angin sing liwat gawe adheme awak iki.
Donyane peteng, kaya ngerti
isih akeh lelara ana ngendi-endi.
Srengenge melu merem,
kasaput mendhung kang werna ireng,
Wedi weruh memala isih padha
mubeng.
Amung dongamu bisa digawe
sangu, ngadhepi akehe pacoban ing alam donya iki.
Mula kudu donga-dinonga
marang sapadha-padha.
Muga bisaa sirna kabeh
lelara, kabeh memala.
Temtokna gambaran pangindran sajrone geguritan mau
sing trep yaiku kadeleng saka ukara..
Bisa milih luwih saka siji wangsulan.
A.
Muga bisaa sirna kabeh lelara, kabeh memala
B. Donyane peteng, sedina ora ana katon srengenge
C.
Ngadhepi akeh pacoban ing alam donya iki
D. Angin sing liwat gawe adheme awak iki
E. Lurung dawa katon sepi
ANS: B, D, E
6.
Setitikna pethilan tembang campursari ngisor iki!
Jroning tembang
mau ngandhut unsur pandhapuk arupa purwakanthi guru swara sing digunakake
dening pangripta, bisa ditengeri ana ing ukara. . .
Bisa milih luwih
saka siji wangsulan.
A.
Kidungingkatresnan
B.
Senjakangngusadatresna
C.
Tresnakukepati, tinaliingati
D.
Slagamungrerujitati
E.
Duh wongmanis
ANS: B, C, D