latihan soal perispan usbn bahasa derah jawa


1.        "Sarino bocah sing dawa tangane mula barange kancane akeh sing ilang."
Saka ukara kasebut  apa tegese tembung entar kang kagaris ngisor kasebut....
a.       seneng maido
b.      seneng njupuk barange liyan
c.       seneng manga
d.      tangane dawa
e.       tangane lara
2.        Numpak becak oleh mangan (wangsulane: mangan duweke dhewe, ya oleh wae). Iki mujudake cangkriman....
a.       pepindhan
b.      blenderan
c.       wancahan
d.      sinawung tembang
e.       liya-liyane
3.        Anekdot iku mujudake sawijine....
a.       crita cekak lucu utawa menarik.
b.      crita cekak kang isi etos kerja.
c.       crita cekak kang isisne kerapian.
d.      crita cekak lucu, nanging medeni.
e.       crita cekak lucu, agawe guyu
4.        Anekdot iku digawe kanthi ancase kanggo....
a.       gegojegan
b.      bedhekan
c.       nyindir/ngritik
d.      lelucon
e.       cekakan
5.        Tuladha anekdot lisan....
a.       guru = digugu lan ditiru
b.      wamil = wajib militer
c.       ling cik ku = maling mancik watu
d.      kurap = kurang rapi
e.       dhengus = gedhe bagus
Swasana pendhapa saya suwe tansaya rame lan panas. Suwardi lan Sunoto padha mbakyune Sunoto sing wiwit mau ngrungokake saka kadohan banjur mara nyedhak.
Sulastri           : (Alon-alon nyedhak sinambi nggatekake kahanan)” Noto,
 kandhane kakangmu mau coba ateges warga kene iki ora
ngakoni yen kowe kuwi dadi lurah, babar pisan ora. Ning karepe
 wong-wong nggonmu bakal gawe sejarah kuwi aja nganti ngrusak
sejarah sing wis ana.”
  Sunoto : (Sinambi nyawang Sulastri)
                        “ Mbakyu aja melu-melu ae!”
  Sulastri : “ Aku tetep melu-melu, awit aku uga warga desa Asem Buntung kene.
                        Aku ora ekhlas yen sejarahe desa kene rusak merga saka kawicaksanane
                        Lurah sing ora nalar.”
   Sunoto : “ (Saya panas atine) “ Ora nalare ana endi, Yu?”
   Sulastri : “ Mbangun kuwi apik, nanging aja nganti niyate mbangun, nanging   tundhone malah gawe rusak. Sejarah madege desa kene iki biyen ora bakal kerumat yen
                        Asem bunting kae kokrubuhake.”
 Sunoto : “ Yu, miturut sampeyan sejarah biyen karo sejarah sing bakal teka kuwi luwih
                        Penting endi?”
 Sulastri : “ Padha pentinge, jalaran sing diarani jaman saiki ora bakal ana yen ora
                        Kawiwitan jaman biyen. Semono uga kosok baline, jaman saiki bakal dibacutake
                        Ing jaman saiki mbesuk sing isih arep teka.”
  Sunoto :” Yen aku, luwih mentingake sejarah sing arep teka tinimbang sejarah kepungkur
Sing wis mungkur.”
  Sulastri :” Kok bias ngono, piye nalare?”
  Sunoto :” Sejarah kepungkur kuwi wong-wongane wis padha mati. Kamangka ing ngarep
Kana bakal lair anak putu sing uga bakal nyambung sejarah. Dadi, aku luwih
                        Nengenake kepentingane wong sing isih urip tinimbangane kepentingane wong-wong sing wis mati. Mula wit asem bumbung kae tetep arep dakrubuhake, supaya anak putu mbesuk luwih gampang uripe. Kanthu rubuhe wit asem bumbung, ing Papan kono arep dakgawe pasar supaya desa kene saya rame. Kabeh iki mau kanggo kepentingan anak putu mbesuk, sing isih arep bakal lair lan sumadya gawe sejarah anyar supaya desa kene luwih tumangkar.
6.      Swasana kang kagambarake jroning drama ing dhuwur yaiku…….
a.       swasanane katon adhem ayem merga keluwargane padha guyup rukun
b.      swasana sing rada panas merga padudon sing padha duwe beda panemu
c.       kahanane lumrah wae wong urip sing padha lagi golek sandhang pangan
d.      kahanan kang sarwa mbingungake jalaran kabeh golek menenge dhewe
e.       swasana sedhih merga ana salah sijine warga sing nandhang kacilakan
7.      Penganggone basa karma ing ngisor iki sing paling trep yaiku……..
a.       nuwun sewu pak guru, sampeyan menapa boten miring bilih dinten menika taksih libur…….
b.         ngantos mangke dalu eyang kakung taksih dereng purun kondur amargi taksih krasan
c.          buku ingkang panjenengan asta punika kalawau sejatosipun kagungan kula piyambak
d.         bilih wonten dhanganing penggalih, panjenengan kula aturi rawuh dhateng griya kula!
e.          panjenengan kalawau punapa sampun kula paring buku asil riptan kula piyambak?
8.      Menawa basa marang saumuran nggunakake basa...
a.       ngoko lugu     
b.      ngoko alus     
c.       krama lugu     
d.      krama alus     
e.       krama kasar
9.      Kula sampun ... kathah gendhisipun, Ibu. Sapunika dipun damel jenang ketan.
a.    nggawa          
b.   mbeta 
c.    ngasta
d.   nedhi 
e.    mundhut
  1. “Ibuk, tindak dhateng toko badhe …. menapa? Kok boten nimbali kula mawon, janipun kula ugi badhe …. Buku tulis kangge cathetan.” Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku .... 
a. mundhut, mundhut                                                    
b. tumbas, tumbas                                                          
c. mundhut, tumbas
d. mundhut, tuku
e. tumbas, mundhut
 
11.  Adhedhasar gambar ing dhuwur diarani kesenian tari….
    1. mantenan
    2. gambyong
    3. siraman
    4. mudun lemah
    5. ngrema
  1. Pagelaran seni tari remo iku kalebu pagelaran seni ing daerah…..
    1. Jawa barat
    2. Jawa tengah
    3. Jawa timur
    4. Sulawesi
    5. Madura
  2. Iringan musik tradhisional kanggo ngiringi pagelaran wayang kulit diarani…..
    1. karawitan
    2. jazz
    3. dangdut
    4. pop
    5. kroncong

  1. Becik-alane. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku…
a      
b      
c      
d.     
e.     
40.  Saka unen-unene kuwi. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku…
a.     
b.     
c.     
d      .
e.     

SOAL ESAI
Diajari korupsi
Sawijining dina, Glendhoh mertamu ing omahe Klithuk, kanca lawas jaman isih sekolah SMA mbiyen. Pawakane Klithuk isih ajeg kuru kaya ndek jaman mbiyen. Glendhoh dhewe saiki lemu ginuk-ginuk, tandane wus nemoni sukses ing gaweane.
Glendhoh : Piye kabarmu Thuk?
Klithuk : Ya isih ngena-ngene wae Ndhoh. Kaya sing mbok sawang iki.
Glendhoh : Lha piye ta? Mbok leh mu nyambut gawe sing tenanan, ben isoh entuk dhuwit akeh.
Klithuk : Jan-jano nyambut gaweku ya wus tenanan. Nanging tetep wae, uripku ajeg ngene. Ora tau cukup. Bojoku ya sambate ngayawara saben dinane.
Glendhoh : Jaman saiki manawa nyambut gawe becik, kuwi ora mungkin bisa nyukupi butuhe omah.
Klithuk : Piye karepmu? Aku durung mudheng.
Glendhoh : Ngene. Tak kandani ya? Contone aku wae. Gaweanku iki gawean cilik cilikan ing kantor. Nanging piye carane supaya aku bisa entuk dhuwit saliyane blanjanku saben sasi. Mula kuwi, uripku sakulawarga sarwa kecukupan.
Klithuk : Lha piye carane? Mbok aku diajari supaya uripku ya mundhak apik tinimbang saiki. Aku njagakake blanjan sasen saka bos-ku ya ora sepiraa.
Glendhoh : Carane gampang banget. Korupsi. Njajala korupsi, sithik sithik wae. Sing cilikan wae supaya ora konangan.
Klithuk : Korupsi?? Tenanan kuwi?
Glendhoh : Lha iya! Kaya sing ing tipi-tipi kae lho. Wong-wong dhuwuran padha korupsi tur gedhen kabeh. Nek aku, cilikan wae sing penting bisa kanggo nutup butuhe omah. Ayo, kowe mesthi ya bisa. Elingana anak-bojomu sing saben dina mangane kurang-kurang.
Klithuk : Mengko dhisik Ndhoh. Sajane aku ya mathuk karo usulmu kuwi. Nanging kayane aku iki ora bakal bisa korupsi ing gaweanku.
Glendhoh : Lha ngapa? Pengawasane ketat po?
Klithuk : Ora babagan kuwi. Aku iki kerjane melu wong, jasa sedot tinja. Lha sing ameh tak korupsi kuwi apa?? Saben dina mubeng nguplek-uplek tinja.
Glendhoh : ??????!!!
41. Paraga kang saiki wis dadi lemu ginuk-ginuk ing crita Diajari korupsi yaiku …
42. bab-bab apa wae sing peru digatekake nalika arp meragakake drama? Jelasna!
43. “Mas, kula dipundhawuhi Bapak, sampeyan dipundhawuhi …. rumiyin, sabab Bapak kala wau sampun …. wonten kantor.” Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku ….
44.                                                       Bima Suci
Swasana ing Negara ngastina dumadakan dadi panas lan sumuk. Angin ing mangsa ketiga kang tumiyub saka gunung Argakelasa anjalari hawa ing Negara Ngastina dadi panas lan sumuk. Wit-witan padha garing gegodhongane padha rontok. Bumi Ngastina dadi garing lan panas. Pasewakan agung ing Negara Ngastina sing biasane katon adem lan seger malih dadi panas kena kaperbawan mangsa ketiga. Prabu Duryuduna kang lagi mimpin pasewakan agung sajake uga ngrasakake panase hawa kasebut.
Ukara ing ndhuwur coba garapen migunakake aksara jaw……
45. Kepriye tata carane supaya bocah jaman saiki  nduweni tata karma sing becik…..