latihan soal persiapan usbn mapel mulok bahasa daerah jawa


26. Bu Sunar iku dawa ususe senajan anake nakal-nakal dheweke ora tau nesu. Tembung dawa ususe kalebu tembung entar kang tegese....
a. sabar
b. seneng mangan
c. acuh
d. ora ngurus
e. sugih
Answer: A
Wacan soal nomer 27-29!
Tertib lalu lintas kudu digatekake. Dina iki polisi nganakake operasi ing dalan sing dadi Kawasan Tertib Lalu Lintas.
Polisi               : “Geneya kok ora nganggo helm?”
Pengendara     : “Helmku ilang, pak.”
Polisi               : “Yen ilang, pilih tuku helm apa bayar denda ing kene?”
Pengendara       : “ Yen tuku helm aku gak duwe dhuwit apa maneh denda. Mesthi mengko uga kudu bayar denda merga ora duwe SIM.”
Polisi               : “Haah?”
Polisi banjur ngetokake surat tilang. Montor kasebut kudu ditinggal

27. Adhedhasar anekdot ing dhuwur kalebu jinis anekdot….
a. nonfiksi
b. fiksi
c. kewan
d. teks
e. lisan
Answer:  E
Gatekna wacan iki!
Tertib lalu lintas kudu digatekake. Dina iki polisi nganakake operasi ing dalan sing dadi Kawasan Tertib Lalu Lintas.
Polisi               : “Geneya kok ora nganggo helm?”
Pengendara     : “Helmku ilang, pak.”
Polisi               : “Yen ilang, pilih tuku helm apa bayar denda ing kene?”
Pengendara       : “ Yen tuku helm aku gak duwe dhuwit apa maneh denda. Mesthi mengko uga kudu bayar denda merga ora duwe SIM.”
Polisi               : “Haah?”
Polisi banjur ngetokake surat tilang. Montor kasebut kudu ditinggal

28. Sing kalebu krisis saka teks anekdot ing dhuwur yaiku ….
A. Montor kasebut kudu ditinggal
B. Polisi banjur ngetokake surat tilang
C. Tertib lalu lintas kudu ditegakake
D. “ Yen tuku helm aku gak duwe dhuwit apa maneh denda. Mesthi mengko uga kudu bayar denda merga ora duwe SIM.”
E. Dina iki polisi nganakake operasi ing dalan sing dadi Kawasan Tertib Lalu Lintas.
Answer: D

Gatekna wacan iki!
Tertib lalu lintas kudu digatekake. Dina iki polisi nganakake operasi ing dalan sing dadi Kawasan Tertib Lalu Lintas.
Polisi               : “Geneya kok ora nganggo helm?”
Pengendara     : “Helmku ilang, pak.”
Polisi               : “Yen ilang, pilih tuku helm apa bayar denda ing kene?”
Pengendara       : “ Yen tuku helm aku gak duwe dhuwit apa maneh denda. Mesthi mengko uga kudu bayar denda merga ora duwe SIM.”
Polisi               : “Haah?”
Polisi banjur ngetokake surat tilang. Montor kasebut kudu ditinggal


29. Sing kalebu perangan orientasi saka teks anekdot kasebut yaiku …
a. tertib lalu lintas kudu ditegakne
b. polisi ngadhakake operasi lalu lintas
c. pengendara ditilang
d. motore pengendara kudu ditinggal
e. polisi ngetokake surat tilang
Answer: B
30. Urut-urutan teks anekdot sing bener, yaiku....
a. abstraksi- orientasi- krisis- koda- reaksi
b. orientasi- krisis- reaksi- koda abstraksi
c. abstraksi- orientasi- krisis- reaksi- koda
d. orientasi-reaksi-abstraksi- krisis- koda
e. reaksi- abstraksi- krisis- koda- orientasi
Answer: C
31. Paraga diadhepake marang prekarane dhewe-dhewe sajroning drama. Kalebu perangan struktur teks drama kang dirani....
a. koda
b. amanat
c. resolusi
d. orientasi
e. komplikasi
Answer: E
32. Ibuk arep tindak pasar mundhut kangkung karo kenikir. Ukara kasebut nggunakake basa....
a. ngoko lugu
b. ngoko alus
c. krama lugu
d. krama alus
e. krama madya
Answer: B
33. Sakwise ndilok wayang simbah banjur turu. Ukara kasebut yen didadekake basa krama alus yaiku....
a. saksampunipun mirsani ringgit simbah lajeng sare.
b. sakwise ningali ringgit simbah banjur sare.
c. sakwise mirsani ringgit simbah banjur tilem.
d. sasampunipun ningali wayang simbah lajeng tilem.
e. sasampunipun mirsani wayang simbah lajeng sare.
Answer: A
34. Yen kowe (dikongkon) bapak kudu manut, supaya bapak ora (duka). Tembung sing ana sajroning kurung krama inggile yaiku....
a. dikengken, duka
b. diutus, nesu
c. dikengken, ajrih
d. diutus, duka
e.  dikengken, nesu
Answer: D
35. Kowe arep diajak ibumu menyang Madiun. Kowe nitip surat ijin marang kancamu kanggo gurumu. Basa sing kok gunakake nalika nitipake surat marang kancamu, yaiku...
a. ngoko lugu
b. ngoko alus
c. krama lugu
d. krama alus
e. krama
Answer: A

. Pengertian Dan Ciri-Ciri Kesenian Wayang Orang
36. Gambar ing ndhuwur kalebu seni pertunjukan sing diarani...
a. kethoprak
b. ludrug
c. lenong
d. jaranan
e. wayang wong
Answer: E
37. Kang ora kalebu seni pertunjukan yaiku....
a. kethoprak
b. wayang wong
c. ludrug
d. tedhak siten
e. jaranan
Answer: D
38. Pagelaran seni ing masyarakat utawa klompok mbutuhake piranti kang akeh banget. Apa maneh pagelaran seni karawitan kang mbutuhake….
a. wayang
b. panggurit
c. pamedhar
d. panari
e. gamelan
Answer: E

39. Kopyah kuning suwek. Yen ditulis aksara jawa....
a
b.
c
d.
e.
Answer: A
40. yen ditulis aksara latin yaiku....
a. tuku bakdi dan kakso
b. tuku bakso lan bakmi
c. nuku bakmi lan bakso
d. tuku bakmi lan bakwan
e. tuku bakwan lan bakmi
Answer: D

ESAY
Wacanen teks artikel ing ngisor iki kanthi permati!
Panganan Murah nanging Bergizi
Tempe iku, panganan tradihisional kang wus kondhang cocok banget karo ilate bangsa Indonesia. Kabukten  prasasat meh saindhenging tlatah Indonesia ana bae warga kang gawe panganan saka kedhele iki. Tumrape wong Jawa, mangan sega yen lawuhe tanpa ana tempene kaya-kaya olehe mangan isih durung genep. Saka tempe bisa dadi panganan warna-warni, kayata: kering tempe, kripik tempe, tempe penyet, tempe bacem,mendhoan, brengkes tempe, lan sapanunggalane.       
Miturut penelitian, tempe kang digawe saka kedhele garing gizine dhuwur. Kedhele garing minangka bahan tempe ngandhut kalori 361; protein 30,2; lemak 18,1; karbohidrat 34,8; kalsium 227; fosfor 585; besi 80, lan liya-liyane. Mula sanajan tempet regane murah, nanging penting banget kanggone kasarasan. Malah ing Inggris pasien kang lagi nendakake operasi diprayogakake mangan tempe supaya kasarasan lan kekuatane cepet pulih.
1. Miturut wacan ing ndhuwur apa manfaate tempe?
Jawaban: Penting banget kanggo kesarasan lan kanggo mulihake pasien sing bubar operasi.
2. Ingkang kinurmatan Bapak kepala sekolah.
    Ingkang kinabekten Bapak ibu guru.
    Ingkang kula hurmati para bapak/ibu wali murid.
    Sarta kanca-kanca kula ingkang kula tresnani.
    Ukara-ukara ing ndhuwur kalebu perangan teks pranatacara sing diarani....
Jawaban: Panyapa
3. Bapak: Kowe iku nggawa apa, Le?
    Supri: Kula ... manggis Pak. Bapak ....napa?
    Bapak: Aku ngawa duku Palembang.
  Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku ….
Jawaban: mbeta. ngasta
4. Gatekna guneman ing ngisor iki!
Bapak        : “Ndhuk, kowe apa wis mangan?”
Adin          : “Wis, Pak. Aku mau wis mangan sega goreng.”
Owahana ukara kang diaturake dening Adin marang Bapakne dadi ukara sing bener!
Jawaban: Sampun, Pak. Kula wau nedha sekul goreng

5. Owahana dadi aksara latin!
 
Jawaban:  Negara minyak sumber minyak.