soal dan kunci jawaban pilgan bahasa daerah jawa, lathan ujian sekolah


(1) Wigatine Ekosistem Wana Tumrap Panguripane Manungsa

            (2)  Wana minangka siji ekosistem kang paling wigati lan pangaribawa tumrap proses alam ing bumi iki. Kurang luwih ana  gunane kanggo mbiyantu kabutuhan dasar panguripane manungsa.
            (3) Segi hidrologis, wana minangka gudhang kanggo nyimpen banyu. Dideleng saka topografi, akeh gunung-gunung lan terjal saengga gampang kena erosi. Mula wana bias nglindhungi lemah saka erosi.
            (4) Wana uga bias menhi sumbangan kang cukup gedhe kanggo devisa Negara lan pangobatan. Kanthi mangkono wana bias njaga kahanan ekosistem ing sawjining tlatah. Mula ayo dijaga supaya ora dadi bencana.

1.  Irah-irahan sajrone artikel ing ndhuwur iku, katuduhake ing angka….
a. 1
b. 2
c. 3
d. 4
e. 5
answer: a
2. Yen ana artikel sing isine njlentrehaken babagan kahanan kutha Surabaya taun 2030. Artikel kasebut diarani....
a. artikel deskriptif
b. artikel prediktif
c. artikel preskriptif
d. artikel eksploratif
e. artikel eksplanatif
Answer: B                                                         
Wajib Belajar 12 Tahun
Wonten ing jaman sak menika Indonesia taksih kathah tiyang ingkang ngeremehaken pendidikan.kamangka pendidikan inggih sakmenika sarana kangge ngrubah tingkatan sosial utawi kasejahteraan lan nambah wawasan.
Program wajib belajar 12 tahun badhe diwiwiti Juni 2015 ngajeng. Program menika badhe dilaksanakaken dening kabinet Indonesia kerja. Tujuanipun kangge majukake pendidikan Indonesia supados para pelajar dados manungsa ingkang luwih becik lan boten katinggal kaliyan bangsa liyanipun. Diharapkan pelajar Indonesia saged angsal pekaryan ingkang layak utawi saged ngelanjutake ngantos perguruan tinggi.
Program wajib belajar 12 tahun secara boten langsung mengurangi jumlah tiyang ingkang buta huruf,boten saged maca,menulis lan pemerintah ugi mengurangi jumlah pengangguran wonten Indonesia.
Ingkang ngawonteni program wajib belajar 12 tahun menika sedaya pelajar indonesia wajib mlebet sekolah lan pemerintah wajib membiayai serta menyediakan segala fasilitasipun. Kangge nyengkuyung  program.kasebut dipunsuwun para tiyang sepuh saged nyengkuyung progam wajib belajar 12 tahun menika kanthi cara ndaftaraken putra lan putripun sekolah ingkang dipunlajengaken SD,SMP ngantos SMA utawi sederajat
3. Miturut isine artikel kasebut kalebu jinise artikel....
a. persuasif
b. deskriptif
c. prediktif
d. eksplanatif
e. eksploratif
Answer: A

4. Kang ora kalebu ing unsur intrinsik cerita wayang yaiku....
a. alur
b. paraga
c. kahanan pangripta
d. busananing basa
e. pamawase pangripta
Answer: C
5.Bab sing kudu digatekake nalika maca endah cerita wayang, yaiku....
a. intonasi
b. artikulasi
c. swara/vokal
d. tipografi
e, ekspresi
answer: D

Petruk dadi Ratu
Nalika, Petruk dadi ratu akeh wong kang gumuyu. Miturut wong-wong, Petruk dadi ratu iku amung lakon impen. Lakon impen wong cilik kang bisa ngowahi kahanan. Apa ana rakyat kang mlarat lan bodho bisa dadi raja kang sugih lan bijaksana? Ana uga kang ngarani manawa petruk dadi ratu kuwi amung pasemon babagan kere munggah bale. Ana uga kang ngarani manawa Petruk dadi ratu kuwi amung lakon aji mumpung babagan kawula alit kang migunakake kesempatan sajroning kesempitan. Petruk dadi ratu dudu lakon wong bodho kang dadi raja, utawa lakone wong cilik kang aji mumpung ananing lakon mencoke wahyu marang kawula.
6. Apa pesen moral saka teks cerita wayang petruk dadi ratu kasebut?
a. wong cilik uga bisa ngowahi kahanan
b. petruk pengin dadi ratu
c. ratu kang ora wicaksana
d. dadi ratu kudu direwangi rekasa
e. ratu kudu bodho dhisik
Answer: A
7. Wong/ bocah sabarakan/ meh padha umur-umurane migunakake basa ngoko lugu, tuladhane yaiku ....
a. kowe wis mangan?
b. panjenengan sampun dhahar?
c. sampeyan wis dhahar?
d. panjenengan wis mangan?
e. kowe wis dhahar?
Answer: A
8 . Ukara ing ngisor iki kang kalebu basa ngoko lugu, yaiku . . . .
a. rama nembe wangsul saking kantor.
b. pardi ora sida lunga menyang hongkong.
c. rama ningali wayang kulit ing bale desa.
d. adhik tilem ing omahe simbah.
e. simbah wis ora isa maos koran.
Answer: B
9. Bapak lunga menyang Jakarta nggawa sambel pecel. Yen didadekake basa krama lugu yaiku
a. bapak tindak dhateng jakarta ngasta sambel pecel.
b. bapak kesah menyang jakarta ngasta sambel pecel.
c. bapak kesah menyang jakarta mbeta sambel pecel.
d. bapak  tindak menyang jakarta mbeta sambel pecel.
e. bapak tindak menyang Jakarta nggawa sambel pecel
Answer: C
10.       Manuk emrit menclok godhong tebu
             Dadi murid sing sregep sinau
Unen-unen ing ndhuwur kalebu basa rinengga....
a. paribasan
b. bebasan
c. saloka
d. wangsalan
e. parikan
Answer: E
11. Desa Sukoharjo salah sijine desa sing paling ayem tentrem. Nanging nalika ketekan warga anyar sing jenenge Misijan desa kasebut malih semrawut. Misijan kerep gawe geger ing desa kasebut. Senengane omben main lan tawuran. Para sinoman akeh sing katut melu-melu Misijan. Misijan bebasan...
a. nututi layangan pedhot
b. nabok nyilih tengan
c. ngubak-ubak banyu bening
d. adol lenga kari busike
e. sedhakep ngawe-awe
Answer: C



12 Paribasan  busuk ketekuk, pinter keblinger duweni teges, yaiku....
a.ngrasakake seneng ora gelem wragat
b. kakehan omong nanging mrantasi
c. gelem njaluk emoh menehi
d. bodho lan pinter cilaka kabeh
e. samubarang kang disingidake bakal konangan
answer:D

13.  Sing kalebu  perangan panutup tanggap wacana yaiku …
A. Salam kasugengan, salam karaharjan mugi tansah kajiwa, kasarira, dhumateng kula panjenengan sedayA. Amin.
b. panjenenganipun bapak dwija linuwih, pangarsanipun pawiyatan sma negeri 1 krian ingkang kula bekteni lan kurmati;
c. cekap semanten ingkang saged kula aturaken, mbok menawi wonten kirangipun kula nyuwun agunging pangaksami.
d. langkung rumiyin, sumangga tansah kula sedaya kraos lan rumaos kanthi ngunjukkaken puji syukur wonten ngarsanipun gusti allah swt ingkang sampun kepareng ngrentahaken pinten-pinten kabagyan, kanikmatan, mliginipun nikmat iman ingkang jejeg sarta kalodhangan, satemah kula sedaya saged makempal – manunggal ing aula sman 1 krian  kanthi kabagaswarasan lan kawilujengan ingkang tansah tumanduk dhateng kita sedaya.
e. para bapak, ibu, tuwin para lenggah sedaya, kula minangka wakil sarta wod lumaraping atur para kanca kelas xii, mboten kesupen ngambali atur sugeng rawuh kairing agunging panuwun, dene sampun kersa rawuh ing acara menika.
Answer: C

14. Aksara murda ora digunakake kanggo nulis....
a. jeneng wong
b. jenenge kutha
c. pangkat
d. tembung manca
e. pakurmatan
Answer: D
15. Pranyatan-pranyatan ngenani aksara swara sing bener yaiku....
a. kanggo nulis tembung manca
b. ana pangsangane
c. ora bisa dadi pasangan
d. ora oleh diwenehi sandhangan swara
e. oleh ditulis luwih saka siji saben tembung
Answer: A
16. Tembang macapat kang sing biyasane digunakake kanggo badekan utawa tebakan yaiku....
a. pocung
b. asmarandana                                  
c. pangkur                                          
d. sinom
e. maskumambang

17.       Poma kaki padha dipun eling
ing pitutur ingong
sira uga satriya arane
kudu anteng jatmika ing budi
ruruh sarta wasis
samubarangipun
Tembang mijil ing ndhuwur nduweni guru wilangan, guru lagu lan guru gatra....
A. 10g, 6g, 10e, 10i, 6s, 6n ; 6 gatra
B. 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 5u ; 6 gatra                                        
C. 10i, 5o, 10e, 10i, 6i, 6u ; 6 gatra
D. 10i, 6o, 10e, 8i, 6i, 6u ; 6 gatra                                         
E. 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u ; 6 gatra
Answer: E

18. Ngelmu iku kalakone kanthi laku
lekase lawan kan kas
tegese kas nyantosani
setya budya pangekese dur angkara
Yen dideleng saka paugerane tembang ing dhuwur kalebu tembang macapat....
a. pocung
b. megatruh
c. mijil
d. maskumambang
e. kinanthi
Answer: A
19. Tembang gambuh ing ngisor iki kang isine ngenani piwulang kang becik iku kudu ditiru, senadyan saka wong sing cendhek drajate, yaiku...
a. sekar gambuh ping catur// kang cinatur polah kang kalantur// tanpa tutur katula-tula katali// kadaluwarsa kapatuh// kapatuh pan dadi awon
b. aja nganti kabanjur // barang polah ingkang nora jujur// yen kebanjur sayekti kojur tan becik // becik ngupayaa iku// pitutur ingkang sayektos
c. tutut bener puniku// sayektine apantes tiniru// nadyan metu saking wong sudra pepeki// lamun becik nggone muruk// iku pantes sira anggo
d. ana pocapannipun// adiguna adigang adigung//  pan adigang kidang adigung pan esthi// adiguna ula iku// telu pisan mati sampyoh
e. lan sembah sungkem ipun// mring hyang sukma elinga sireku// apan titah sadaya amung sadermi// tan welangsira andhaku// kabeh kagungan hyang manon
Answer: C
20.       Dedalanne guna lawan sekti
kudu andhap asor
wani ngalah dhuwur wekasane
tumungkula yen dipundukanni
bapang den simpangi
ana catur mungkur
isi tembang ing ndhuwur yaiku....
a. dadi wong apik iku kudu andhap asor,ora mung seneng-seneng lan ngedohi kang ala
b. dadi wong iku kudu pinter apa wae, supaya diajeni lan d gunggung wong liya
c.aja seneng nyeneni wong, amarga iku kabeh bisa nglarani atine wong kasebut.
d.bapak sing ndukani anake supaya sregep sinau ben bisa dadi wong sing pinter lan sekti
e.samubarang ing ndonya bakal ilang, amarga iki kabeh titipane Gusti Allah
Answer: A
21. Upacara adat masyarakat jawa tumrap bocah umur 7 sasi, bocah kasebut menek andha tebu, midak jadah 7 werna nganti tekan mlebu kurungan pitik. Upacara adat kasebut diarani....
a. tingkeban
b. brokohan
c. siraman
d. tedhak siten
e. temu manten
Answer: D
22. Tata urutan tanggap wacana sing bener yaiku....
a. salam pambuka,pambuka, panyapa, surasa basa, dudutan, pangarep-arep, wusana, salam panutup
b. salam pambuka, pambuka, panyapa, surasa basa, pangarep-arep,dudutan, wusana, salam panutup
c. salam pambuka, panyapa, pambuka, surasa basa, pangarep-arep, dudutan,wusana, salam panutup
d. salam pambuka, panyapa, pambuka, pangarep-arep, surasa basa, dudutan, wusana, salam panutup
e. panyapa, salam pambuka, pambuka, pangarep-arep- surasa basa, dudutan, wusana basa, salam panutup
Answer: C
23.   LUHMU
Luhmu kang tumetes
kaya cebloke banyu udan
dak usapi bola bali
luhmu kang mili ing pipi
iseg tangismu iku
pratanda, yen sliramu tatu
Gatra 5 geguritan ing ndhuwur kalebu panyitra....
a. pangganda
b. panindak
c. pangrasa
d. pandeleng
e. pangrungu
 Answer: E
24. Swasana padesan pancen endah banget, nalika srengenge durung njedhul saka bang wetan hawane atis banget. Ora kaya nalika ing Surabaya kang ora nduweni hawa atis. Mula urip ing padesan iku tansah nyenengake.
Ilustrasi ing ndhuwur, nggambarake ngenani....
A. plot
B. alur                                                                              
C. setting                                                              
D. konflik
E. Paraga
Answer: C
25. Kang kalebu unsur ekstrinsik cerita cekak  yaiku, kajaba....
A. kahanan pangripta
B. latar belakang karya sastra diciptakake
C. kahanan masyarakat
D. pamawase pangripta
E. Pakaryane pangripta
Answer: D