bahasa jawa mulok usbn, latihan soal


I.       Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
1.      Wacanen teks artikel ing ngisor iki kanthi permati!
Panganan Murah nanging Bergizi
Tempe iku, panganan tradihisional kang wus kondhang cocok banget karo ilate bangsa Indonesia.Kabukten  prasasat meh saindhenging tlatah Indonesia ana bae warga kang gawe panganan saka kedhele iki. Tumrape wong Jawa, mangan sega yen lawuhe tanpa ana tempene kaya-kaya olehe mangan isih durung genep. Saka tempe bisa dadi panganan warna-warni, kayata: kering tempe, kripik tempe, tempe penyet, tempe bacem,mendhoan, brengkes tempe, lan sapanunggalane.        
Miturut penelitian, tempe kang digawe saka kedhele garing gizine dhuwur. Kedhele garing minangka bahan tempe ngandhut kalori 361; protein 30,2; lemak 18,1; karbohidrat 34,8; kalsium 227; fosfor 585; besi 80, lan liya-liyane. Mula sanajan tempet regane murah, nanging penting banget kanggone kasarasan. Malah ing Inggris pasien kang lagi nendakake operasi diprayogakake mangan tempe supaya kasarasan lan kekuatane cepet pulih.
Miturut wacan, tempe iku kagolong panganan kepriye?
.

2.      Adicara temanten regeng,gayeng lan lumaku kanthi tumata gumantung dening pranatacara, dene paraga kang jejibah medhar perkara yaiku pamedharsabda.
Sebutna babagan kang kudu digatekake nalika dadi pranatacara!

3.      Gatekna guneman ing ngisor iki!
Bapak        : “Ndhuk, kowe sida menyang Jakarta?”
Adin          : “Sida, Pak. Kula sampun duwe paspor.”
Owahana ukara kang diaturake dening Adin marang Bapakne dadi ukara krama inggil!

4.      Gatekna guneman ing ngisor iki!
Nalika Dimas arep budhal sekolah, Bapak lan Ibune padha ewuh tandanggawe. Ateges Dimas kudu budhal numpak becak supaya ora telat anggone mlebu kelas.
Dimas                    : “Pak, terno aku nyang sekolah!” mature Dimas marang Tukang Becak.
Tukang Becak       : “Mangga, Mas. Sekolah ing pundi?”
Owahana ukara kang trep diaturake Dimas marang Tukang Becak!


kunci jawaban

1.       Panganan kang murah regane lan dhuwur gizine

2.       1)            Swara kudu cetha
2)            Patrap (sikap) kang nuduhake tata krama.
3)            Ngadi sarira (busana) kudu diselarasake karo kahanan adicara.
4)            Basa lan sastra kudu komunikatif lan trep ing panggonan.
Adin      : “Tamtu, Pak. Kula sampun gadhah paspor.”