PENILAIAN AKHIR SEMESTER GANJIL Bidang Studi : BAHASA DAERAH JAWA , SOAL DAN JAWABAN

     Pilihen jawaban sing paling bener antarane jawaban a,b,c,d, utawa e!

Gatekna wacan ngisor iki kanthi premati kanggo mangsuli pitakonan nomer 1-4!
Nalika Aku Isih Sekolah
Nalika aku isih sekolah pinuju ulangan semesteran, aku rada kakehan dolan, nggonku sinau ya mung srampangan. Mula bareng titiwanci ulangan aku rada gragapan. Gandheng atiku ora teteg mula aku terus gawe cathetan cilik-cilik, karepku arep takenggo ngerpek. Tenan, bareng bel wis muni, cathethan takgegem tangan kiwa, lungguh anteng, tangan kiwa sedheku ben ora ketara yen nggawa kerpekan. Lembaran soal takbukak, soal nomer siji takwaca terus mbukak kerpekan pas banget karo apa sing ditakokake. Jawaban terus taktulis kanthi trampil. Bareng tekan nomer lima, aku mbukak kerpekan, eeeeee guru pengawas nyedhaki aku. Aku rada bingung, kuwatir yen konangan. Mula cathetan takemut. Senajan cathetanku mau nganggo mangsi sing luntur, dadi tutukku biru kabeh. Cilakane guru pengawas malah takon, “piye le angel?” Wadhuh aku bingung, arep wangsulan mengko konangan lagi ngemut kerpekan, arep meneng ora penak ditakon guru kok meneng wae. Kanggo ngawekani supaya ora konangan cathetan mau takulug pisan. Ya…. Rada pendelikan.
Kapethik saka http://corojowo.blogspot.com
1.      Irah-irahan wacan ing ndhuwur yaiku…..


A.      nalika sekolah 
B.       kisinan nalika ulangan
C.       nalika aku sekolah
D.      nalika aku isih sekolah
E.       nalika mulih sekolah


2.      Miturut surasane, crita ing ndhuwur kalebu crita pengalaman kang wujude crita…..


A.      bungah
B.       lucu
C.       susah
D.      nrenyuhake
E.       nengsemake


3.      Kang njalari paraga nggawe kerpekan nalika ulangan yaiku…..


A.      pelajaran kang angel
B.       durung sinau
C.       lara
D.      wegah anggone mikir
E.       ben cepet rampung


4.      Amanat kang bisa kapethik saka crita pengalaman kuwi yaiku…..


A.      mumpung enom kudu kerep dolan
B.       ora perlu sinau
C.       sinau among nalika ana sekolah
D.      dadi siswa kuwi kudu sregep anggone sinau
E.       sinau nalika ulangan wae



Gatekna wara-wara ing ngisor iki kanthi premati kanggo mangsuli pitakon nomer 5-9!
Wara-wara
            Dipunbiwarakaken dhumateng kaum muslimin saha muslimat Dhusun Langkap Kedungwuni, bilih kangge mahargya pengetan dinten Isro’ Mi’roj Nabi Muhammad SAW, Masjid Ulul Albab Langkap Kedungwuni badhe ngawontenaken acara pengaosan umum ingkang Insya Allah badhe dipunleksanakaken mbenjing
Dinten                         : Senin
Tanggal           : 20 Juli 2009 M
                          27 Rajab 1429 H
Tabuh              : 20.00 WIB
Papan              : Masjid Ulul Albab Langkap Kedungwuni
Pamicara          : 1. KH. Ali Mansur saking Tegal
                          2. Drs. H. Miftahul Huda saking Pekalongan
            Mila saking mekaten kasuwun kanthi sanget sedaya kaum muslimin saha muslimat ngrawuhi acara menika.
Cekap semanten wara-wara menika, mugi ndadosaken kawigatosanipun sedaya warga.
                                                           
                                                                        Langkap, 18 Juli 2009
                                                                        Pangarsa Ta’mir Masjid Ulul Albab

                                                                        KH. Shodiqin, S.Ag

Kapethik saka http://kumpulan-materi-belajar.blogspot.com
5.      Wara-wara ing ndhuwur kabiwarakake kanthi cara…..


A.      disiyarake
B.       teka ing omahe sing diundang
C.       ditempel
D.      dikirim pos
E.       dibiwarakake


6.      Wara-wara kuwi katujokake marang…..


A.    KH. Shodiqin, S.Ag
B.     masyarakat Dhusun Langkap Kedungwuni 
C.     KH. Ali Mansur saking Tegal
D.    Drs. H. Miftahul Huda saking Tegal
E.     pengurus Masjid Ulul Albab


7.      Wara-wara kuwi biwarake Manawa ana pahargyan…..


A.    mantu
B.     lelayu
C.     pengajian
D.    khitanan
E.     aqiqahan


8.      Pengajian kang bakal kalaksanan kuwi minangka pengetan…..


A.    dina kamardhikan
B.     dina kartini
C.     isro’ mi’roj
D.    muludan
E.     1 syawal


9.      Titimangsane wara-wara kuwi yaiku…..


A.      20 Juli 2009 M
B.       27 Rajab 1429 H
C.       18 Juli 2009
D.      25 Rajab 1429 H
E.       21 Juli 2009


10.  “Mas, kula dipundhawuhi bapak, sampeyan dipundhawuhi…..rumiyin, sebab bapak kala wau sampun ….. wonten kantor.”
Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku…..


A.      dhahar, dhahar
B.       nedha, nedha
C.       nedha, dhahar
D.      maem, dhahar
E.       dhahar, maem



Geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 11-14!
Sumimpen ing Pojok Ati
Dening: Tatiek Kalingga
Kanthi ati kang krasa rinujit
Kepengin dakrakit gurit
Senajan krasa perih lan sakit
Nyangga panandhang kang kudu dilampahi
Nggoleki apa maknane saripati
Yen ing kanyatan tansah tumindak nglarani
Alam krasa panas bumi uga nangis
Lan amarah tan bisa diendhani
Nanging aku yakin isih ana sunar suci
Sih katresnan, rasa tentrem kang sumimpen
Ing pojok ati
Uga rasa tulus lan luhuring budi pekerti
Donga ing tengahing ratri, muga dadi tamba jampi urip iki
Tanpa kendhat nyuwun berkahing Gusti

11.  Kang dikarepake “Kanthi ati kang krasa rinujit” yaiku…..


A.    ati kang bungah
B.     rasa kang manteb
C.     ati kang serakah
D.    ati kang kelara-lara
E.     ati kang kelegan


12.  Wos surasane paragraf kapisan yaiku…..


A.      gegambaran ati kang kelara-lara
B.       tumindak kang nalisir          
C.       ora bias kecukupan
D.      ngerteni kahanan kang endah
E.       donga marang Gusti


13.  Wos surasane paragraf kapindho yaiku…..


A.      gegambaran ati kang kelara-lara
B.       tumindak kang nalisir
C.       ora bisa kecukupan
D.      ngerteni kahanan kang endah
E.       donga marang Gusti


14.  Tegese tembung ratri ing ukara “donga ing tengahing ratri, muga dadi tamba jampi urip iki” yaiku…..


A.      esuk
B.       awan
C.       sore
D.      surup
E.       bengi


15.  Kang kudu digatekake nalika nggawe karangan, kajaba.....


A.      nemtokake tema
B.       milih irah-irahan (judhul)
C.       basane sing becik
D.      antarane tema, judhul lan isi cocok
E.       nganggo aksara latin


16.  Ing crita nggunakake jeneng Si Suta lan Si Pulan, kang mangkono kuwi diarani unsur…..


A.      alur
B.       paraga
C.       sudut pandang
D.      watak
E.       amanat


17.  Dani nggawe rujak, Rani nggawe roti, lan Riri nggawe mendhoan. Ukara kasebut kalebu ukara…..


A.      tanduk
B.       tanggap
C.       camboran
D.      sananta
E.       sambawa


18.  Ing ngisor iki kang ora kalebu carane nulis ringkesan yaiku…..


A.      nggawe reproduksi
B.       nemtokake tema
C.       maca naskah asli
D.      nyathet gagasan
E.       maca kanthi premati


19.  Wara-wara bisa kagiyarake lumantar medhia ing ngisor iki, kajaba…..


A.    radhio
B.     ariwarti
C.     kalawarti
D.    internet
E.     angin


20.  Ing ngisor iki kang ora kalebu jinise wara-wara yaiku wara-wara babagan…..


A.      kagiyatan
B.       kasripahan
C.       sedhahan
D.      kasarasan
E.       lelayu


21.  Ing ngisor iki kang ora kalebu unsur nalika nyritakake pengalaman yaiku…..


A.      when
B.       where
C.       why
D.      how
E.       time


22.  Ukara ing ngisor iki kang ora nggunakake basa krama alus yaiku…..
A.    badhe dhateng Klaten, dipuntimbali bapak
B.     panjenengan arep tindak ngendi?
C.     bu guru badhe dhateng peken
D.    ibu menawi mapan sare, mesthi ngunjuk rumiyin
E.     bapak remen dhahar sekul pecel
23.  Gunemane wong kang srawunge wis raket kuwi nganggo basa…..


A.    ngoko lugu
B.     ngoko alus
C.     krama lugu
D.    krama alus
E.     kramantara


24.  Tembung crita rakyat dumadi saka tembung folklore. Tembung folk tegese rakyat, dene lore tegese…..


A.      piwulang
B.       pitutur
C.       pelajaran
D.      amanat
E.       piweling


25.  Dongeng utawa crita rakyat wujude crita…..


A.      wayang
B.       prosa
C.       gancaran
D.      kethoprak
E.       sandiwara


1.      D              11. D               21. E                
2.      B              12. A               22. B               
3.      B              13. E                23. A              
4.      D              14. E                24. A              
C                     15. E                25. B