Jujur dalam berumah tangga dan bekerja

NASEHAT PENGANTIN BARU
Nasehat ini disampaikan oleh beliau Simbah Yai M. Djamaluddin Ahmad PP Bahrul Ulum Tambakberas Jombang ketika mauidhoh di salah satu santri nya,
Le, nek rumah tangga iku seng jujur, nek samean metu rapat nandi ngomong seng wedok,seng jujur jujur Le, seng wedok barang yo kudu taat nang seng lanang yo, golek ridho ne seng lanang.
(nak, apabila berumah tangga itu yang jujur, apabila kalian keluar rapat kemana beritahukan kepada istri, yang jujur nak, yang perempuan juga harus taat kepada suami, cailah ridlo suami)

Sopo seng jujur bakal mujur Le, temenan. Ojo kyk wong saiki Le, jarene Jujur jujur mundak ajur, iku ngunu omongane tekan setan Le,
Nek wong dagang yo jujur temenan, ojo beras 1 kg di wadahi, bareng dituku wong, tekan umah ditimbang gaenek 1 kg, iku ngunu bohong. HARAM HARAM hukume. Nek dodol barang enek cacate iku yo diomongno cacate, ojo ditutup tutupi.
(Siapa yang jujur maka akan mujur nak, benaran. Janga seperti oang zaman sekarang, katanya dengan jujur malah menjadi hancur, itu adalah ucapan setan nak,
Orang berdagang juga harus jujur benaran, jangan beras 1 Kg dikantongi, kemudian dibeli orang, dirumah ditimbang ternyata tidak sampai 1 Kg, hal tersebut adalah bohong, Haram Hukumnya. Apabila berjualan barang dan ada cacatnya maka diberitahukan jangan ditutupi)

Kanjeng Nabi dawuh, "sopo wonge nglebetaken barang haram nek wetenge, ibadahe 40 dino ora ditrimo Allah"
Sholat mu, amalmu, sodaqohmu iku ora ono manfaate. Ibarate nimbo banyu nang sumur gawe timbo tekan pring bolong bolong iku, yo ora bakal iso. Temenan Le. Saiki enek kasus golek duwek instan, bujuk i wong ngunuku, HARAM HARAM iku , Nabi wes sumpah sopo mangan barang HARAM aku ora bakal maringi syafaat"
Ojo sampek oleh duwek tekan kerjo ora halal Le, sabar sabar, ojo kesusu kepengen sugih. Pelan pelan Le, titik titik gapopo SENG PENTING HALAL Le.
Aku biyen yo tahu dodol kayu, dodol roti marin, dodol lengo gas, tuku marning tak bungkusi tak dol titip titipno,KULO GAK ISIN.SENG PENTING HALAL.
Kulo tangglet Mertua kulo Bu Nyai Musyarofah," Mboten isin gada mantu sadean kados kulo nopo"
"Mboten Le mboten,SENG PENTING HALAL Le, terose Bu Nyai.
Biyen Le,Abah mu (Mertua) Yai Fattah Hasyim yo dodol lengo gas keliling". Bar mari mulang jam 10 isuk,mulehe langsung dodol lengo gas keliling" , aku dewe saben isuk yo mbungkusi sego bungkus ,tak titip titipno kantin kantin"
Lho iku Yai Fattah,pondok e gedene kyk ngunu, santrine ribuan biyen iku yo dodol lengo gas, mari mulang sampek jam 10 awan, piyambak e langsung nyengklak sepeda ongkele keliling dodol lengo gas muter, muni lengo, lengo, lengo,
Lha garwanipun (Bu Nyai Musyarofah Bisri, iku putri ne Yai Bisri Denanyar,adine Nyai Khodijah Ibuk e Gus Dur) iku menawi isuk yo dodol sego.
KERJO OPO AE,SENG PENTING HALAL.