soal bahasa jawa smk dan kunci jawaban usbn


I.       Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi milih wangsulan a, b, c, d utawa e tumrap pethikan kang trep!
(1)   Wigatine Ekosistem Wana Tumrap Panguripane Manungsa

            (2) Wana minangka siji ekosistem kang paling wigati lan pangaribawa tumrap proses alam ing bumi iki. Kurang luwih ana  gunane kanggo mbiyantu kabutuhan dasar panguripane manungsa.
            (3) Segi hidrologis, wana minangka gudhang kanggo nyimpen banyu. Dideleng saka topografi, akeh gunung-gunung lan terjal saengga gampang kena erosi. Mula wana bias nglindhungi lemah saka erosi.
            (4) Wana uga bias menhi sumbangan kang cukup gedhe kanggo devisa Negara lan pangobatan. Kanthi mangkono wana bias njaga kahanan ekosistem ing sawjining tlatah.
            Wacanen kanthi tliti!









1.      Irah-irahan sajrone artikel ing ndhuwur iku, katuduhake ing angka….
a.       (1)
b.      (2)
c.       (3)
d.      (4)
e.       (5)

Wacanen kanthi tliti!
Museum Diponegoro
Musium iki manggon ing Magelang, persis ing jalan Diponegoro No. 1.Gedhunge manggon ing sisih kiwa pendhapa karesidenan Kedu kang dibangun tahun 1810.Ing kene, mbiyen pangeran Diponegoro diapusi dening Walanda. Ing museum iki kasimpen meja kursi kang ana guratane kuku Pangeran Diponegoro, klambi kang ukuran dhuwure 1,57 meter lan ambane 1,35 meter, digawe seka bakal (kain) shantung. Ana uga kitab Tahrib bale kanggo sholat, 7 cangkir lan maneka warna liyane.
 








2.      Adhedasar dhata artikel kasebut, bisa dimangerteni yen artikel kasebut kalebu jenis artikel...
a.       artikel narasi
b.      artikel deskripsi
c.       artikel persuasif
d.      artikel preskriptif
e.       artikel argumentasi

Wacanen kanthi tliti!
Praktik pidato iku gedhe banget mupangate.saben praktik pidato iku mesthi duweni pengalaman kang paling nyensemake ati. saya kulina anggone praktik pidato, mbuh iku gladhen utawa praktik pidato temenan bakal saya akeh pengalaman batin kang diduweni. Sajrone pengalaman batin mau pamicara nemokake cara-cara pidato sing efektif lan nyenengake. saya akeh daya pikat kang ditemokake lan saya kerep dipraktike, bakal saya akeh pengalaman pamaos.

 







3.      Adhedhasar dhata teks, artikel kasebut kalebu jinis artikel.....
a.       persuasif
b.      narasi
c.       deskriptif
d.      eksplorasi
e.       predhiktif

Wacanen kanthi tliti!
Raden werkudara iku putrane prabu Pandhudewanata sing nomer loro, mula uga sinebut panenggak pandhawa. Raden werkudara satriya kang sekti mandraguna lan gagah prakasa. Dheweke uga kondhang kendel, ora duwe wedi.Lha mbok dewa pisan ta, malah ora tau dibasani. Nanging yen marang sedulure, Werkudara asih lan ngajeni banget. Marang Puntadewa kakange saking ajrih-asihe nganti kerep dijunjung nang dhuwur sirah. Werkudara ya wis ora wani apa-apa tenan marang kakange, semana uga marang gurune, yaiku Pandhita Durna, dheweke kurmat banget.
 









4.      Adhedhasar dhata carita wayang kasebut, apa pitutur luhur kang bisa didudut sajroning carita kasebut......
a.       dadi wong kudu kuat lan sekti mandraguna
b.      dadi wong ora oleh weden
c.       marang sedulur kudu padha asih lan ngajeni
d.      kudu dadi wong sing pinter
e.       dadi wong kudu sakarepe dhewe

Antawacana wayang ing ngisor iki wacanen kanthi trep!
Ing Kedhung Ganyaran, Patih Sengguruh lan wadyabala nindakake apuskrama marang Adipati Nilaswara lan Patih Ranggasedayu.
Patih Sengguruh          : “Ha..ha…haa…. Saiki kowe lmebu ing wuwu, Nilaswara!
Kadipaten Blitar bakal dad kalungguhanku! Nilaswara! Nyilema
salawas-lawase!”
Adipati Nilaswara       : “Wong culika! Saiki kowe gumuyu menang, nanging wekasan piwalesku
bakal teka! Kowe bakal ngundhuh pakartimu, Sengguruh!”
Patih Ranggasedayu   : “Kadurakan! Iki kadurakan sing gedhe, Sengguruh!”
Patih Sengguruh          : “Cukup, Ranggasedayu! Age krutgen, Kliwon! Krutugen, Smolurik!”
 










5.      Adipati Nilaswara dikrutug watu dening….
a.       patih sengguruh
b.      patih ranggasedayu
c.       ganyaran
d.      kliwon
e.       kliwon lan simolurik



Wacanen kanthi patiti!
Gathutkaca

            Gathutkaca kuwi satriya ing Pringgondani putrane Werkudara lan Dewi Arimbi. Gathutkaca kaloka otot kawat balung wesi, sungsum gegala, turu kepenak ing angkasa.
            Ing perang Baratayudha Gathutkaca dadi senapati.Ora ana prajurit kang bisa nandhingi kridhaning Gathutkaca. Akeh prajurit Kurawa tiwas ketrajang aji Bramusthi. Gathutkacapinter perang ing dharatan lan wasis tandhing ing angkasa.
 








6.      Crita Gathutkaca ngandharake babagan yen….
a.       Gathutkaca satriya Pringgondani.
b.      Gathutkaca putra mahkota.
c.       Gathutkaca satriya kang wasis perang.
d.      Gathutkaca sakti perang ing dharatan lan angkasa.
e.       Gathutkaca kalah tandhing lawan prajurit Kurawa.

Wacanen kanthi tliti!
Tertib lalu lintas kudu digatekake. Dina iki pulisi nganakake operasi ing dalan sing dadi Kawasan Tertib Lalu Lintas.
Pulisi               : “Geneya kok ora nganggo helm?”
Pak Joko          : “Helmku ilang, pak.”
Pulisi               : “Yen ilang, pilih tuku helm apa bayar denda ing kene?”
Pak Joko          : “ Yen tuku helm aku gak duwe dhuwit kanggo bayar denda. Mesthi
mengko uga kudu bayar denda merga ora duwe SIM.”
Pulisi               : “Haah?  Ana-ana wae!
Pulisi banjur ngetokake surat tilang. Montor kasebut kudu ditinggal.
 










7.      Basa lisan kang digunakake Pak Joko marang pulisi yaiku basa….
a.       ngoko lugu
b.      ngoko alus
c.       krama lugu
d.      krama inggil
e.       krama alus
8.      Ukara ing ngisor iki kang kalebu ngoko lugu, yaiku….
a.       sesuk kowe sida ndelok ludruk apa ora?
b.      sesuk panjenengan sida ndelok ludruk apa ora?
c.       sesuk panjenengan sida mirsani ludruk apa ora?
d.      benjing sampeyan tamtu ningali ludruk punapa mboten?
e.       benjing panjenengan tamtu mirsani ludruk punapa mboten?
9.      Ibu sesuk lunga menyang Pacitan. Yen ukara kasebut diowahi dadi ukara krama lugu, yaiku...
a.       ibu mbenjing lunga menyang pacitan.
b.      ibu sesuk kesah menyang pacitan.
c.       ibu mbenjing kesah dhateng pacitan.
d.      ibu mbenjing tindak ing pacitan.
e.       ibu sesuk tindak ing pacitan.
10.  Dadi bocah iku aja seneng adu-adu! Omongane wong kene digawa mrana, omongane wong kana digawa mrene. Iku rak jeneng…..
a.       criwis cawis
b.      guneme mencla-mencle
c.       rembuge peret beton
d.      tumbak cucukan
e.       lunyu ilate
11.  Hla wong wis genah ora nggawa SIM lan uga ora nganggo helm, hla malah liwat dalan gedhe. Wusana ya ketangkep pulisi. Iku rak padha karo unen-unen….
a.       ula marani gepuk
b.      gajah nusu gudel
c.       iwak kalebu wuwu
d.      kebo melu seton
e.       macan ngetutne kucing
12.  Paribasan  busuk ketekuk, pinter keblingerduweni teges, yaiku....
a.       ngrasakake seneng ora gelem wragat
b.      kakehan omong nanging mrantasi
c.       gelem njaluk emoh menehi
d.      bodho lan pinter cilaka kabeh
e.       samubarang kang disingidake bakal konangan

Wacanen ukara ing ngisor iki kanthi permati!
(1)   kesenian jawa minangka perangan budaya kang kudu dirembaga.
(2)   yen duwe kesenian apa maneh jawa kudu dikondhangake.
(3)   apa maneh adat jawa kang kondhang kaloka.
(4)   siraman ya perlu ditindakake masyarakat kang nemahi temanten.
(5)   karawitan lan pedalangan kudu diuri-uri dening masyarakat lan pamarintah.
13.  Tuduhna ukara kang kalebu basa sastra ing angka….
a.       (1), (2), (3)                               d. (1), (2), (5)
b.      (1), (4), (5)                               e. (1), (3), (5)
c.       (1), (3), (4)
14.   Ukara mawa aksara jawa kasebut yen diowahi ing aksara latin unine…..
a.       sapi ing amrih rama nyambut gawe
b.      sepi ing pamrih rame ing gawe
c.       sepi ing rame ing gawe
d.      sapa ing remen gawe
e.       sapa sing temen bakal katekan
15.  Kita merdika ing taun 1945. Ukara kasebut  yen ditulis nganggo aksara Jawa, yaiku . . . .
a.      
b.     
c.      
d.     
e.      
16.  Tembang macapat kang sing biyasane digunakake kanggo badhekan yaiku....
a.       pucung
b.      asmarandana                          
c.       pangkur                                              
d.      sinom
e.       maskumambang

Wacanen kanthi permati!
Sekar gambuh ping catur
kang cinatur polah kang kalantur
tanpa tutur katulatula katali
kadaluwarsa katutur
kapatuh pan dadi awon
 







17.  Tembang Gambuh ing ndhuwur nduweni guru wilangan lan guru lagu….
a.       12u, 8i, 8u, 8i, 8o
b.      12u, 8e, 8u, 8i, 8o
c.       7u, 10u, 12i, 8u, 8o
d.      7u, 10r, 12i, 8u, 8o
e.       7u, 10u, 12r, 8u, 8o

Wacanen kanthi tliti!
Mingkar mingkur ing angkara
akarana karenan mardi siwi
sinawung resmining kidung
sinuba sinu karta
mrih ketarta pakartining ngilmu luhung
luputa ing sambikala
agama ageing aji
 








18.  Yen dideleng saka paugerane, tembang kasebut kalebu tembang….
a.       maskumambang
b.      mijil
c.       kinanthi
d.      pucung
e.       pangkur

Potlot lan pulpen iku,
stipo setip tepak sarta buku,
iku kabeh pirantine siswa-siswi,
kanggo srana golek ilmu,
dimen pitutur ora bodho.
Wacanen kanthi permati!






19.  Tembang Gambuh ing ndhuwur ngandharake…
a.       isi piranti omah
b.      isi piranti sekolah
c.       isi tayangan tivi
d.      isi piranti dolanan
e.       isi piranti kelompok

Kuntilanak zombie sarta vampire,
setan pocong genderuwo kemamang,
gerandong lan wewe gombel,
drakula jaelangkung,
jenglot casper dhemit uga jin,
jerangkong bala leyak,
uga endhas kluntung,
babi ngepet nguras donya,
ngancani thuyul dalbo kang saya wani,
ngoyak medeni janma.
Wacanen kanthi permati!

f.        
g.       








20.  Tembang Dhandhanggula ing ndhuwur ngandharake…
a.       isi piranti omah
b.      isi piranti sekolah
c.       isi bangsa memedi
d.      isi bangsa malaikat
e.       isi bangsa kyai
21.  Andha tebu, jadah pitung werna, lan kurungan. Uba rampe kasebut ana ing upcara adat…
a.       tingkeban
b.      brokohan
c.       siraman
d.      tedhak siten
e.       temu manten
22.  Tata urutan tanggap wacana sing bener yaiku....
  1. salam pambuka,pambuka, panyapa, surasa basa, dudutan, pangarep-arep, wusana, salam panutup
  2. salam pambuka, pambuka, panyapa, surasa basa, pangarep-arep,dudutan, wusana, salam panutup
  3. salam pambuka, panyapa, pambuka, surasa basa, pangarep-arep, dudutan,wusana, salam panutup
  4. salam pambuka, panyapa, pambuka, pangarep-arep, surasa basa, dudutan, wusana, salam panutup
  5. panyapa, salam pambuka, pambuka, pangarep-arep- surasa basa, dudutan, wusana basa, salam panutup
23.  Basa yaiku piranti utawa sarana lantaran kanggo para tamu sing ngrungokake. Nggunakake basa sing komunikatiflan trep utawa pas ing panggonan kudu nggatekake….
a.       sapa sing lagi rewang
b.      sapa sing lagi nyapu
c.       sapa sing diajak dhahar
d.      sapa sing diajak guneman
e.       sapa sing diparani

24.  Swasana padesan pancen endah banget, nalika srengenge durung njedhul saka bang wetan hawane atis banget. Ora kaya nalika ing Surabaya kang ora nduweni hawa atis. Mula urip ing padesan iku tansah nyenengake.
Dhata kasebut, nggambarake ngenani....
a.       plot
b.      alur
c.       latar
d.      tokoh
e.       amanat

kunci jawaban
1 A
11 A
2 B
12 D
3 D
13 E
4 C
14 B
5 E
15 B
6 D
16 A
7 A
17 C
8 A
18 E