Nasehat untuk penghafal Qur'an

Nasihat KH. Mufid Mas’ud untuk para santrinya.
1. Yen wes khatam Qur’an, kudu riyadhoh diposoni dideres ono jero sholat sampek Al Qur’an bener-bener mendarah daging.
2. Kowe yen wes khatam Qur’an ojo kemaki wes lancar, tur ora sregep nderes. Aku iki wes hatam puluhan tahun ngroso durung lancar isih kudu nderes.
3. Al Qur’an saiki dideres ibarat koyo ngumbe jamu rasane pahit, ning awak sehat. Mengko-mengko nek wes istiqomah nderes rasane manis koyo madu.
4. Kabeh santriku ojo sampek wayoh. Duwe siji sing gemati diagem sampek mati. Nek ono santriku sing wayoh engko tak keplaki.
5. Aku ora ngaramke rokok, kerono akeh kyai sing podo ngerokok. Aku nderek Kyai Munawwir sing ora ngerokok. Dadi kowe kabeh santriku yo ojo ngerokok. Cangkem gawe deres Qur’an kok di obong.
6. Nek gawe omah diniyati gawe hurmat tamu insya Allah barokah lan gampang rizkine.
7. Ananda semua kalo mau bikin pondok jangan bergantung kepada makhluk. Jaluk tenenan nang Gusti Allah liwat Al Qur’an lan Sholawat kanjeng Nabi.
8. Aku ora pingin duwe santri sing dadi muballigh ceramah-ceramah ning subuhe karipan. Kaburo maqtan ‘indallooh.
( QS. Al-baqoroh: 44)
9. Ahli Qur’an iku wong kang wedi karo Gusti Alloh, dudu karo makhluk.
10. Santriku ojo pengin dadi PNS dadi bature negoro. Hidmah nang Qur’an sing tenanan insya Allah mulyo dunyo akhirat.
11. Ahli Qur’an iku ojo seneng omong kosong, bengi melek ora nderes iku dudu huffadz tapi huffasy (lowo/codot).
#AyoNyarkub #AyoMancalMenyan